@phdthesis{UNY69206, year = {2018}, author = {Nanang Febrianto}, title = {MULTILINGUALISME PARA WIRA ANEM ING DHUSUN TURUS, TANJUNG HARJO, NANGGULAN, KULON PROGO, YOGYAKARTA}, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, abstract = {Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud tuturan multilingualisme saha jinising tuturan multilingualisme para wira anem ing dhusun Turus, Tanjung Harjo, Nanggulan, Kulon Progo, Yogyakarta. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud tuturan-tuturan saking para wira anem ing dhusun Turus. Sumber data wonten ing panaliten menika para wira anem ing dhusun Turus. Caranipun ngempalaken data wonten panaliten menika kanthi cara observasi partisipasi saha wawan rembag. Piranti salebeting panaliten menika migunakaken buku kangge nyerat saha piranti kangge ngrekam. Caranipun analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika kanthi cara kualitatif. Caranipun ngesahaken data menika ngginakaken uji validitas pananda adhedhasar teori multilingualisme dene uji reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi teori. Asiling panaliten menika ngandharaken basa ingkang dipunginakaken, wujuding tuturan multilingualisme saha jinising tuturan multilingualisme. Basa ingkang dipunpanggihaken inggih menika basa Jawi, basa Indonesia, basa Inggris, basa Jerman saha basa Arab. Wujuding multilingualisme ingkang dipunpanggihaken inggih menika campur kode, alih kode saha interferensi. Jinising multilingualisme ingkang dipunpanggihaken inggih menika: (1) multilingualisme dini, (2) multilingualisme late, (3) multilingualisme alamiah, (4) multilingualisme sekunder, (5) multilingualisme majemuk, (6) multilingualisme koordinatif, (7) multilingualisme balanced (8) multilingualisme dominan, (9) multilingualisme aktif.}, url = {http://eprints.uny.ac.id/69206/} }