relation: http://eprints.uny.ac.id/69205/ title: BASA PISUHAN WONTEN ING SUNTINGAN VIDEO HUMOR BASA ASING DHATENG BASA JAWI UNDHUHAN SAKING YOUTUBE creator: Johan Arifin, Muhammad subject: Bahasa Jawa description: Panaliten punika gadhah ancas kangge ngandharaken basa pisuhan wonten ing suntingan video humor Basa Asing dhateng Basa Jawa undhuhan saking Youtube. Panaliten punika ngandharaken babagan wujud, referen, saha ancas pisuhan wonten ing suntingan video humor Basa Asing dhateng Basa Jawa. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Dene caranipun ngempalaken data inggih punika ngginakaken teknik nyemak, nyadhap, saha nyatet. Data ingkang sampun kakempalaken punika lajeng karembag babagan wujud panganggening pisuhan ingkang dipunanalisis mawi deskriptif. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha validitas semantis dene anggenipun manggihaken reliabilitas ngginakaken reliabilitas stabilitas. Ancas Basa Pisuhan wonten ing Suntingan Video Humor Basa Asing dhateng Basa Jawa Undhuhan saking Youtube kangge ngandharaken raos duka, ngina, jengkel, kuciwa, gumun getun, saha ngandharaken raketing sesambetan. date: 2018 type: Thesis type: NonPeerReviewed format: text language: en identifier: http://eprints.uny.ac.id/69205/1/E-JOURNAL_SKRIPSI_Muhammad%20Johan%20Arifin_11205244029.pdf identifier: Johan Arifin, Muhammad (2018) BASA PISUHAN WONTEN ING SUNTINGAN VIDEO HUMOR BASA ASING DHATENG BASA JAWI UNDHUHAN SAKING YOUTUBE. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.