relation: http://eprints.uny.ac.id/69204/ title: UPACARA TRADHISI NYADRAN KALI DHUSUN LAMUK GUNUNG, DESA LEGOKSARI, KECAMATAN TLOGOMULYO, KABUPATEN TEMANGGUNG creator: Faisal Akbar, Muhammad subject: Budaya Jawa description: Panaliten menika kanthi irah-irahan Upacara Tradhisi Nyadran Kali Dhusun Lamuk Gunung, Desa Legoksari, Kecamatan Tlogomulyo, Kabupaten Temanggunggadhah ancas ngandharaken (1)mula bukanipun(2) prosesinipun (3) maknasimbolik uba rampe saha (4) paedahipun upacara Tradhisi Nyadran Kali Dhusun Lamuk Gunung, Desa Legoksari. Gayut kaliyan ancasing panaliten menika, panaliti ngginakaken jinis panaliten Kualitatif. Caranipun nganalisis dataingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika teknik analisisdeskrispsi kualitatif. Caranipun ngesahaken data menika ngginakakenTeknik Trianggulasi.Asiling panaliten meika nedahaken bilih : (1) upacara tradhisi Nyadran Kali dipunadanisaben warsanipun wonten ing wulan Rajab surya kaping 10ananging wonten tambahan prosesi inggih menika kirab sesaji nalika taun kirang langkung 1970. (2) Lampahan upacara tradhisi Nyadran kali menika dipunbuka kanthi (a) arak-arakan, (b) kirab sesaji saha Nyadran Kali, (c) Ringgit Purwa, (d) Pasugatan kesenian. (3) Makna simbolik ingkang dipun ginakaken ing salebetipun upacara tradhisi Nyadran Kali minangka raos syukur kalihan Ingkang Maha Kuwaos bilih wonten Lamuk Gunung taksih wonten sumberair ingkang nyekapi kabetahanipun para warga masyarakat Dhusun Lamuk Gunung saha supados sumber air Curug Pontong mboten asat. (4) Paedah upacara tradhisi Nyadran Kali tumrapipun warga masarakat Dhusun Lamuk Gunung inggih menika (a) Paedah ing bidang sosial,(c) kabudayan, saha (d) pariwisata. date: 2018 type: Thesis type: NonPeerReviewed format: text language: en identifier: http://eprints.uny.ac.id/69204/1/E-Journal.pdf identifier: Faisal Akbar, Muhammad (2018) UPACARA TRADHISI NYADRAN KALI DHUSUN LAMUK GUNUNG, DESA LEGOKSARI, KECAMATAN TLOGOMULYO, KABUPATEN TEMANGGUNG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.