%0 Thesis %9 S1 %A Amelia, Maya %B Fakultas Bahasa dan Seni %D 2018 %F UNY:69199 %I Universitas Negeri Yogyakarta %T UPACARA ADAT “SADRANAN” WONTEN ING HUTAN ADAT WONOSADI, DHUSUN SIDOREJO, BEJI, NGAWEN, GUNUNGKIDUL %U http://eprints.uny.ac.id/69199/ %X Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun, tatacara saha makna simbolik sesaji Upacara Adat Sadranan sarta paedahipun Upacara Adat Sadranan kangge warga Dhusun Sidorejo.Panaliten menika ngginakaken metode panaliten kualitatif budaya. Caranipun ngempalaken data, panaliti ngginakaken carawawancara mendalam, observasi partisipatif, saha dokumentasi. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken panaliten inggih menika teknik analisis induktif.Caranipun ngesahaken data, supados data saged dados kredibilitas ngginakaken triangulasi tekniksaha sumber. Asiling panaliten menika nedahaken menawi : (1) mula bukanipun Upacara Adat Sadranan dipunwiwiti abad ke- XVIII, saben setunggal taun sepisan bibar panen dinten Senen Legi utawi Kemis Legi. Upacara Sadranan ancasipun kangge ngucap sukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, sarta kangge ngurmati leluhur namanipun Ki Onggoloco minangka tiyang ingkang rikala semanten mbekta kamakmuran ing Dhusun Sidorejo. (2) lampahan Upacara Adat Sadranan, kaperang dados gangsal, inggih menika damel sesajen, sambatan resik sendhang, Upacara Adat Sadranan wonten Sendhang Duren saha wonten Hutan Adat Wonosadi, sarta pagelaran seni Gejog Lesung. (3) maknasimbolik Upacara Adat Sadranan inggih menika kangge nyuwun kaliyan para leluhur supados Dhusun Sidorejo dados dhusun ingkang ayem tentrem. (4) paedahipun Upacara Adat Sadranan inggih menika, kangge nguri-uri budaya Jawi, ngraketaken guyub rukun warga, kangge nyuwun katentreman saha kaslametan Dhusun Sidorejo, saha sedaya warga saged nyinau sejarah Hutan Adat Wonosadi sarta nyinau seni ingkang wonten ing Dhusun Sidorejo.