TY - THES Y1 - 2018/// UR - http://eprints.uny.ac.id/69175/ AV - public M1 - skripsi TI - PANGANGGENING DEIKSIS PAPAN WONTEN ING KUMPULAN CERKAK GODHONG SURUH TEMU ROSE ANGGITANIPUN SUGITO HS N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken Panganggening Deiksis Papan Wonten ing Kumpulan Cerkak Godhong Suruh Temu Rose Anggitanipun Sugito HS. Panalten menika ngandharaken wujud saking deiksis papan, jinising deiksis papan, saha teges saking deiksis papan.Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten awujud tembung lan frasa. Sumber data panaliten menika saking Kumpulan Cerkak Godhong Suruh Temu Rose Anggitanipun Sugito HS, ingkang isinipun wonten 155 kaca lan wonten 19 irah-irahan. Caranipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken cara maos saha nyerat. Data ingkang sampun dipunkempalaken dipunanalisis kanthi deskriptif.Kangge manggihaken validitas data inggih menika ngginaaken uji validitas saha uji reliabilitas.Asiling panaliten menika ngandharaken wujud deiksis papan, jinising deiksis papan, saha teges saking deiksis papan. Wujud deiksis papan wonten ing panaliten menika awujud tembung monomorfemis kadosta: iki/ kuwi/ kae/ kene/ kono/ kana, lan awujud frase endosentrik. Jinisisng deiksis papan ingkang dipunpanggihaken inggih menika kelompok ?iki? lan kelompok ?kene?. Jinising deiksis papan nggadhahi ancas kagem nuduhaken katrangan papan, awit ingkang awujud papan panggenan punapa tembung aran ingkang dipunanggep nggadhahi jarak saking panutur punapa mitra tutur. Teges saking deiksis papan ingkang dipunpanggihaken inggih menika caket saking panutur (iki/ kene), radi caket saking panutur (kuwi/ kono), lan tebih saking panutur (kae/ kana). Kata Kunci: Pragmatik, Deiksis Papan, Cerkak, Godhong Suruh Temu Rose. ID - UNY69175 A1 - Maskur Rahmat, Imam PB - Universitas Negeri Yogyakarta ER -