%0 Thesis %9 S1 %A Fitri Aini, Hurril %B Fakultas Bahasa dan Seni %D 2018 %F UNY:69173 %I Universitas Negeri Yogyakarta %T TRADHISI LARUNG SESAJI WONTEN ING TLAGA PASIR, DESA SARANGAN, KECAMATAN PLAOSAN, KABUPATEN MAGETAN %U http://eprints.uny.ac.id/69173/ %X Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usul wontenipun tradhisi larung sesaji, lampahing tradhisi larung sesaji, sesaji saha makna simbolik, sarta paedahipun tradhisi larung sesaji tumrap masarakat penyengkuyungipun.Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken pengamatan berperanserta saha wawancara mendalam. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika mawi teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber saha triagulasi metode.Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Asal-usul tradhisi larung sesaji menika wonten kalih versi, ingkang angka setunggal gegayutan kaliyan mitos menawi tlaga pasir menika papan ingkang sakral saha kathahipun kacilakan ingkang dumados ing tlaga. Ingkang angka kalih menika gegayutan kaliyan adat tradhisi masarakat Sarangan kangge mengeti tumapaking warsa Ruwah. (2) Lampahing tradhisi larung sesaji inggih menika awujud tirakatan, pager desa, nglarung sesaji, saha wilujengan. (3) Sesaji saha makna simbolik ingkang dipunginakaken kangge larung sesaji menika kangge mahyakaken raos sukur warga dhateng Ngarsanipun Gusti Allah, supados warga masarakat penyengkuyung pinaringan kawilujengan, katentreman, saha kebagaswarasan. (4) Paedahipun tradhisi larung sesaji tumrap masarakat panyengkuyung inggih menika (a) sarana nyenyuwun kawilujengan, (b) ngregengaken pariwisata Tlaga Pasir, saha (c) ngindhakaken ekonomi masarakat. Pamijining tembung :Tradhisi Larung Sesaji, Tlaga Pasir