%0 Thesis %9 S1 %A yuniana ismawarsari, fetiyani %B Fakultas Bahasa dan Seni %D 2018 %F UNY:69169 %I Universitas Negeri Yogyakarta %T PIWULANG MORAL WONTEN ING KEMPALAN CARIYOS CEKAK SEROJA MEKAR ANGGITANIPUN SOEBAGIJO ILHAM NOTODIDJOJO %U http://eprints.uny.ac.id/69169/ %X Ancasing panaliten menika kangge: (1) ngandharaken wujud piwulang moral cariyos-cariyos cekak wonten ing salebeting kempalan cariyos cekak Seroja Mekar anggitanipun Soebagijo Ilham Notodidjojo, (2) ngandharaken caranipun ngandharaken nilai piwulang moral wonten ing kempalan cariyos cekak Seroja Mekar ingkang kaanggit dening Soebagijo Ilham Notodidjojo. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif. Asiling panaliten inggih menika 45 nilai piwulang moral, antawisipun (1) 5 piwulang moral sesambetanipun kaliyan Gusti; (2) 14 piwulang moral sesambetanipun kaliyan sesami; (3) 22 piwulang moral sesambetanipun kaliyan lingkungan alam; saha (4) 4 piwulang moral sesambetanipun kaliyan dhiri pribadi. Cara ngandharaken piwulang moral wonten kalih, antwisipun: (1) cara langsung (wonten 36), saha (2) cara boten langsung (wonten 9).