@phdthesis{UNY69164, year = {2018}, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, title = {FUNGSI BASA ADHEDHASAR PANGANGGENING UNDHA-USUK BASA JAWI WONTEN ING NOVEL KATRESNAN ANGGITANIPUN SOERATMAN SASTRADIHARDJA}, author = {Dwi Lestari}, url = {http://eprints.uny.ac.id/69164/}, abstract = {Panaliten panganggening undha-usuk basa Jawi ing Novel Katresnan inggih menika panaliten deskriptif. Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinisipun undha-usuk basa Jawi saha fungsinipun panganggening undha-usuk basa Jawi. Caranipun ngempalaken data kanthi maos saha nyerat.Instrumen panaliten menika awujud kertu data. Data ingkang dipunkempalaken salajengipun dipunanalisis mawi teknik analisis deskriptif, inggih menika ngandharaken jinisipun undha-usuk basa Jawi saha fungsinipun panganggening undha-usuk basa Jawi. Uji validitas data mawi validitas semantis, wondene reliabilitas ingkang dipunginaaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika nedahaken jinisipun undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginakaken anggenipun wicantenan dening para paraga ing Novel Katresnan inggih menika ngoko lugu, ngoko andhap, madya ngoko, madya krama, krama inggil, krama desa saha basa kasar. Fungsi panganggening undha-usuk basa Jawi wonten ing panaliten inggih menika fungsi fatik, fungsi emotif, fungsi konatif, fungsi referensial saha fungsi puitik. Fungsi fatik saged dipunwujudaken kangge uluk-salam saha atur panuwun. Fungsi emotif saged dipunwujudaken kangge ngandharaken raos gumun, bingah, kuciwa, jengkel, sedhih saha lingsem. Fungsi konatif saged dipunwujudaken kangge ngemutaken, nyarujuki, kawratan, panyuwunan pirsa, ndhawuhi, nawekaken, pangajak, pamrayogi saha panyuwunan. Fungsi referensial saged dipunwujudaken kangge ngandharaken pawartos.} }