@phdthesis{UNY69152, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, author = {Arimbiyana Arimbiyana}, title = {LELEWANING BASA PERBANDINGAN SALEBETING CAKEPAN LAGON HIP HOP NDX}, year = {2018}, abstract = {Panaliten menika ngandharaken jinis lelewaning basa perbandingan saha fungsinipun ingkang dipunginakaken wonten salebeting cakepan lagon Hip Hop NDX. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika jinis lelewaning basa perbandingan saha fungsinipun. Sumber datanipun inggih menika saking cakepan lagon Hip Hop NDX anggitanipun Yonanda Frisna Damara. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik nyemak saha nyerat. Lajeng data dipun analisis kanthi teknik deskriptif. Teknik deskriptif inggih menika cara analisis data ingkang dipuntindakaken kanthi cara ngandharaken sedaya data miturut kategori piyambak-piyambak. Salajengipun data dipun-analisis miturut ancasipun tuturan utawi ukara. Teknik deskriptif ancasipun kangge ngempalaken data kanthi cara obyektif saha sawontenipun. Lajeng validitas data ingkang dipunginakaken wonten salebeting panaliten menika ginakaken validitas semantis, amargi datadata ingkang awujud lelewaning basa perbandingan dipuntegesi adhedhasar konteks tembung utawi ukaranipun. Lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ginakaken reliabilitas intra-rater. Asiling panaliten menika jinis lelewaning basa perbandingan ingkang dipunginakaken wonten salebeting cakepan lagon Hip Hop NDX anggitanipun Yonanda Frisna Damara ingkang ngemot enem belas jinis lelewaning basa perbandingan, inggih menika: personifikasi, depersonifikasi, simile, metafora, hiperbola, metonomia, pleonasme, alegori, sinekdoke, alusio, asosiasi, eufimisme, epitet, eponim, hipalase, saha pars prototo. Lajeng fungsi saking lelewaning basa perbandingan wonten salebeting cakepan lagon Hip Hop NDX inggih menika ngendahaken swanten utawi tuturan, nyangetaken tuturan, konkritisasi, ngandharaken gegambaran, nuwuhaken kesan saha swasana, gesangaken gegambaran, ngringkes seratan lan tuturan, saha gegambaran raosing manah.}, url = {http://eprints.uny.ac.id/69152/} }