TY - UNPB Y1 - 2017/// KW - Kajian Filologi KW - Pambêkaning Pårå Nåtå KW - Teks SPPPNB ID - UNY69104 A1 - Sandra Dewi, Ony TI - KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ PAMBÊKANING PÅRÅ NÅTÅ TANAH JAWI WONTÊN TEKS SÊRAT PRATÉLAN PAMBÊKANING PÅRÅ NÅTÅ BINATHÅRÅ PB - Fakultas Bahasa dan Seni AV - restricted N2 - Panalitèn mênikå ngêwrat wolung ancas panalitèn. Ancasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên inventarisasi naskah SPPN, (2) ngandharakên deskripsi naskah SPPN, (3) ngandharakên deskripsi teks SPPPNB, (4) ndamêl transkripsi teks SPPPNB, (5) ndamêl transliterasi teks SPPPNB, (6) ndamêl suntingan såhå aparat kritik SPPPNB, (7) ndamêl terjemahan såhå cathêtan terjemahan teks SPPPNB, såhå (8) ngandharakên pambêkaning pårå nåtå ing tanah Jawi ingkang kawrat wontên teks SPPPNB. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalit?n deskriptif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé naliti teks SPPPNB ingkang sinêrat mawi aksåra Jåwå carik. Metode panalit?n deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên kawontênaning naskah såhå teks, ngandharakên lampahing panalitèn filologi, såhå isining teks SPPPNB. Sumber data panalitèn mênikå inggih teks SPPPNB ingkang kawrat wontên naskah SPPN koleksi Perpustakaan Muséum Sånåbudåyå. Caranipun ngêmpalakên data ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, deskripsi naskah såhå deskripsi teks, transkripsi teks, transliterasi teks, suntingan teks, såhå terjemahan teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên inggih validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên inggih reliabilitas intrarater såhå reliabilitas interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên wolung bab. Sapisan, asiling inventarisasi naskah kapanggihakên 5 eksemplar naskah, naskah ingkang kapilih dados sumber panalitèn, inggih naskah SPPN koleksi Perpustakaan Muséum Sånåbudåyå. Kaping kalih, asiling deskripsi naskah SPPN kawontênanipun naskah taksih saé såhå teks-ipun taksih sagêd kawaos kanthi cêtha. Kaping tigå, asiling deskripsi teks SPPPNB ingkang kapérang dados tigang pérangan, inggih pérangan wiwitan, têngah, såhå wingking. Kaping sakawan, transkripsi teks SPPPNB dipungarap ngginakakên metode transkripsi diplomatik. Kaping gangsal, transliterasi teks SPPPNB dipungarap ngginakakên metode transliterasi standar. Kaping ênêm, asiling suntingan teks SPPPNB kapanggihakên 6 têmbung ingkang dipun-sunting såhå 11 têmbung ingkang dados ciri khas-ipun. Kaping pitu, asiling terjemahan teks SPPPNB wontên 9 têmbung ingkang kasêrat ing cathêtan terjemahan. Kaping wolu, pambêkaning påra nåtå tanah Jawi ing teks SPPPNB wontên 9, inggih mênikå (1) såmåhitå såhå darmåhitå, (2) såråhitå såhå darmåhitå, (3) tanuhitå såhå såmåhitå, (4) tanuhitå såhå darmåhitå, (5) tanuhitå, såmåhitå, såhå darmåhitå, (6) darmåhitå, såråhitå, såhå tanuhitå, (7) tanuhitå, såmåhitå, såråhitå, såhå darmåhitå, (8) såråhitå, såhå (9) såmåhitå. Pamijining têmbung: Kajian Filologi, Pambêkaning Pårå Nåtå, Teks SPPPNB M1 - skripsi UR - http://eprints.uny.ac.id/69104/ ER -