@phdthesis{UNY67723, year = {2019}, month = {October}, author = {Ana Nugrahaini Izzati and Mulyana Mulyana}, school = {Program Pascasarjana}, title = {Wacana Ukum Rubrik Pawartos ?Pethilan? wonten ing Kalawarti Panjebar Semangat Edisi Juli 2016 ? Juli 2017 kanthi Pendekatan Analisis Isi Krippendorff.}, keywords = {wacana ukum, rubrik ?Pethilan?, Analisis Isi Krippendorff}, url = {http://eprints.uny.ac.id/67723/}, abstract = {Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken tipe wacana pawartos, ngandharaken langgam basa ingkang dipunginakaken, saha ngandharaken inferensi wonten ing wacana ukum rubrik ?Pethilan? Kalawarti Panjebar Semangat edisi Juli 2016 ? Juli 2017 kanthi ngginakaken pendekatan Analisis Isi Krippendorff. Panaliten menika ngginakaken pendekatan Analisis Isi Krippendorff kanthi madosi inferensi utawi dudutan ing wacana ukum rubrik ?Pethilan? Kalawarti Panjebar Semangat. Sumber dhata panaliten inggih menika rubrik pawartos ?Pethilan?. Teknik ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken dhata pawartos wacana ukum inggih menika teknik unitisasi, teknik sampling gugus, teknik cathet, saha reduksi dhata. Pirantos anggenipun ngempalaken dhata menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu dening kartu dhata. Cara ngesahaken dhata ngginakaken validitas semantik, reliabilitas interrater, saha triangulasi penyidik. Cara ingkang dipunginakaken kangge nganalisis dhata inggih menika kanthi metodhe analisis isi Krippendorff kanthi migunakaken prinsip interpretasi lokal. Asil panaliten, nedahaken bilih tipe pawartos ingkang kathah piyambak cacahipun 21 inggih menika wacana paraga saha kadadosan amargi pokok pawartos ingkang gampil narik kawigatosan masarakat inggih menika nama saha kadadosanipun. Langgam basa ingkang kathah dipunginakaken wonten ing wacana ukum inggih menika langgam basa ukum pidana kanthi cacahipun 47 wacana amargi sadangunipun setaun, pawartos ingkang kathah dipunremag ing Indonesia awujud pawartos kriminalitas. Wondene inferensi utawi dudutan ingkang dipunpanggihaken kathahipun ngrembag babagan nakoba, korupsi, saha terorisme.} }