%0 Thesis %9 S1 %A Rohana, Arum Migi %B Pendidikan Bahasa Jawa %D 2020 %F UNY:67396 %I Fakultas Bahasa dan Seni %T SAPARAN ING PADHUKUHAN SOKOMOYO, KALURAHAN JATIMULYO, KAPANEWON GIRIMULYO, KABUPATEN KULON PROGO %U http://eprints.uny.ac.id/67396/ %X Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun saparan ing Padhukuhan Sokomoyo, prosesi, ubarampe, makna simbolik, saha paedahipun saparan kangge masarakat. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Caranipun ngempalaken data ngginakaken observasi partisipatif, wawancara mendalam, saha study dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu kamera, buku cathetan, saha handphone. Caranipun nganalisis data onten panaliten menika ngginakaken teknis analisis induktif. Caranipun ngesahaken data ngginakaken triangulasi sumber saha triangulasi metode. Asailing panaliten menika nedahaken bilih: (1) Mula bukanipun saparan ing Padhukuhan Sokomoyo kala rumiyin ing Padhukuhan Sokomoyo wonten wabah penyakit ingkang boten wonten tambanipun, lajeng dipunwontenaken slametan, kawiwitan taun 1950 saben wulan sapar. (2) Prosesi saparan ing Padhukuhan Sokomyo kaperang dados gangsal, inggih menika: (a) cecawis papan, (b) nyadran, (c) cecawis ubarampe, (d) kirab saha upacara, (e) pagelaran ringgit purwa. (3) Makna simbolik ubarampe ingkang dipunginakaken wonten salebeting saparan ing Padhukuhan Sokomoyo minangka raos syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring keslametan, kamulyan, kabagaswarasan, saha kaberkahan. Ubarampe ingkang dipunginakaken ugi kangge sarana ngemutaken dahateng para leluhur ingkang sampun sumare. Kajawi saking menika sadaya ubarampe ugi gayut kaliyan pagesangan manungsa. (4) Paedahipun saparan ing Padhukuhan Sokomoyo tumraping warga masarakat inggih menika: (a) paedah ing bidang sosial, (b) paedah ing bidang ekonomi, (c) paedah ing bidang budaya, (d) paedah ing bidang pariwisata, (e) paedah ing bidang agama.