%0 Thesis %9 S1 %A Saputri, Yuli Dwi %A Setiyadi, Tulus %B Pendidikan Bahasa Daerah %D 2019 %F UNY:63939 %I Fakultas Bahasa Dan Seni %K konflik sosial, novel Klelep ing Samodra Rasa %P 194 %T KONFLIK SOSIAL PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL “KLELEP ING SAMUDRA RASA” ANGGITANIPUN TULUS SETIYADI %U http://eprints.uny.ac.id/63939/ %X Panaliten kanthi irah-irahan wujud konflik social wonten ing novel Klelep ing Samodra Rasa anggitanipun Tulus Setiyadi gadhah ancas kangge ngandharaken wujud konflik social wonten ing novel novel Klelep ing Samodra Rasa anggitanipun Tulus Setiyadi. Salajengipun kangge ngandharaken pawadan ingkang murugaken konflik saha ngandharaken cara paraga anggenipun mungkasi konflik wonten ing novel Klelep ing Samodra Rasa. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif kanthi pendekatan sosiologi sastra. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika novel novel Klelep ing Samodra Rasa anggitanipun Tulus Setiyadi. Cara kangge ngempalaken data kanthi tekhnik maos saha nyerat. Piranthining panaliti menika kanthi paneliti piyambak mawi kertu data minangka panaliti pendukung. Cara ngesahaken data kanthi validitas semantic ingkang dipunambali teras tumrap data. Wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intrarater. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipun-analisis mawi analisis deskriptif. Asiling panaliten menika wujud konflik social antawisipun duka, nekad, mboten saged nampi kahanan, lan sapanunggalanipun. Pawadan ingkang murugaken antawisipun inggih menika Bapakipun Dewi nilar kaluwarganipun kangge tiyang sanes, Pak Panji dipuntilari utang ingkang kathah kaliyan tiyang sepuhipun, lan sapanunggalanipun. Salajengipun wonten cara mungkasi konflik social antawisipun inggih menika purun rekasa, nrima kahanan, lan sapanunggalanipun. Saking asiling panaliten menika saged kapanggihaken bilih konflik social menika perkawis social saking karya imajiner ingkang ndadosaken karya menika saged narik kawigatosan pamaos.