<> "The repository administrator has not yet configured an RDF license."^^ . <> . . . "Piwulang Nggayuh Rahayuning Gesang saha Nilai \r\nKarakter Wonten ing Serat Gembring Baring"^^ . "Panaliten menika ngewrat tigang ancas panaliten. Ancasing panaliten \r\nmenika kangge: (1) ngandharaken inventarisasi saha deskripsi naskah Serat \r\nGembring Baring, (2) ngandharaken piwulang nggayuh rahayuning gesang \r\nwonten ing teks Serat Gembring Baring, (3) ngandharaken nilai karakter \r\nsalebeting teks Serat Gembring Baring. \r\nPanaliten menika kalebet panaliten deskriptif kanthi metode analisis isi. \r\nPanaliten deskriptif kaginakaken kangge ngandharaken teks Serat Gembring \r\nBaring kanthi objektif. Wondene metode analisis isi kaginakaken kangge nliti \r\nsumber data panaliten ingkang awujud sumber pustaka, inggih awujud teks utawi \r\ntetembungan ing tembang salebeting teks Serat Gembring Baring koleksi \r\nPerpustakaan Balai Bahasa, Yogyakarta. Teknik ngempalaken data ing panaliten \r\nmenika inggih maos saha nyathet data kanthi nindakaken seleksi data utawi \r\nreduksi data. Analisis data ngginakaken teknik analisis deskriptif. Validitas \r\ningkang dipunginakaken, inggih menika validitas semantik. Reliabilitas ingkang \r\ndipunginakaken, inggih menika reliabilitas intrarater saha interrater. \r\nAsiling panaliten menika ngandharaken tigang bab, sapisan inggih \r\nmenika inventarisasi naskah, inggih wonten sewelas teks Serat Gembring Baring. \r\nDeskripsi naskah saha teks Serat Gembring Baring ingkang kaginakaken ing \r\npanaliten menika taksih sae saha wetah, seratanipun cetha dipunwaos. Kaping \r\nkalih, isining teks Serat Gembring Baring ngewrat piwulang kangge nggayuh \r\nrahayuning gesang, inggih gesang ing donya saha ing akherat. Wonten 6 perkawis \r\ningkang kedah dipuntindakaken kangge nggayuh karahayon, inggih menika: 1) \r\nkedah kagungan ngelmu; 2) kedah ngudi kawruh ngelmu Jawa saha ngelmu Arab; \r\n3) kedah nindakaken kabecikan; 4) kedah nindakaken kanisthan utawi tumindak \r\nawon; 4) kedah tansah dedonga; saha 6) kedah kagungan iman. Tiga, isining teks \r\nSerat Gembring Baring ngemot 10 nilai karakter ingkang taksih gayut utawi \r\nrelevan tumprap gesang padintenan sakmenika. Nilai karakter kasebut inggih \r\nmenika relijius, jujur, disiplin, kerja keras, demokratis, raos kepengen mangertos, \r\nmenghargai prestasi, komunikatif, peduli dhateng sosial, saha gadhah raos tanggel \r\njawab."^^ . "2018-11-19" . . . "UNY"^^ . . . "Program Pascasarjana, UNY"^^ . . . . . . . . . "Baktya Tri"^^ . "Setiono"^^ . "Baktya Tri Setiono"^^ . . . . . . "Piwulang Nggayuh Rahayuning Gesang saha Nilai \r\nKarakter Wonten ing Serat Gembring Baring (Text)"^^ . . . "tesis-baktya-tri-setiono-1574251009.swf"^^ . . "HTML Summary of #61985 \n\nPiwulang Nggayuh Rahayuning Gesang saha Nilai \nKarakter Wonten ing Serat Gembring Baring\n\n" . "text/html" . . . "Bahasa Jawa"@en . .