%I UNY %D 2017 %T Cak-cakanipun Kurikulum 2013 wonten Pamulangan Basa Jawi ing SMP Negeri Kitha Magelang %L UNY58091 %X Panaliten menika ancasipun kangge mangertosi cak-cakanipun Kurikulum 2013 wonten pamulangan basa Jawi ing SMP Negeri Kitha Magelang kanthi evaluasi gegayutan: (1) manajemen pamulangan minangka perencanaan, pelaksanaan, lan evaluasi, (2) evaluasi komponen cak-cakanipun Kurikulum 2013 inggih menika context nyakup samaptanipun kepala sekolah, samaptanipun guru basa Jawi, samaptanipun siswa, sosialisasi kurikulum 2013, pangertosan babagan konsep kurikulum 2013, input nyakup kahanan buku pedoman guru lan siswa, pangertosan dhumateng silabus mapel basa Jawi kurikulum 2013, panyusunan instrumen pambiji, samaptanipun sarana lan prasarana, saha pelatihan lan pengampingan guru, process nyakup manajemen pamulangan, cak-cakanipun kegiyatan pamulangan basa Jawi, cak-cakanipun program remidial lan pengayaan, lan produk nyakup pamanggih guru, lan siswa, (3) pambengan ingkang dipunpanggihi, lan (4) strategi kangge ngudhali pambengan pamulangan basa Jawi cak-cakanipun kurikulum 2013 ing SMPN Kitha Magelang. Panaliten menika minangka panaliten deskriptif kanthi ngginakaken pendekatan kuantitatif. Subjek panaliten inggih menika kepala sekolah, waka kurikulum, guru basa Jawi lan siswa. Papan panaliten inggih menika SMP Negeri 1, 2, 4, lan 9 Kitha Magelang minangka coordinator cluster cak-cakanipun Kurikulum 2013. Data dipunkempalaken kanthi angket, wawancara, observasi lan dokumen kanthi evaluasi model CIPP. Uji coba instrumen angket kalampahan ing sekolah pilotting. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) manajemen pamulangan gegayutan saking perencanaan, pelaksanaan, lan evaluasi saking guru lan waka kurikulum perencanaan sae, pelaksanaan sae sanget, lan evaluasi sae sanget, (2) evaluasi context nyakup kepala sekolah, guru basa Jawi, siswa sedaya samapta, sosialisasi sampun kaleksanan, pangertosan konsep sampun sae, input nyakup kahanan buku pedoman guru lan siswa sampun nyekapi, pangertosan silabus sae, panyusunan instrumen pambiji sae sanget, samaptanipun sarana lan prasarana sampun sae, lan pelatihan pengampingan guru sampun wonten, process nyakup asil manajemen pamulangan, cak-cakanipun pamulangan sae sanget, cak-cakanipun program remidial lan pengayaan guru cekap lan siswa sae, lan produk nyakup pamanggih ing pamulangan guru lan siswa sae sanget, (3) pambengan ingkang dipunpanggihi kirangipun kegiyatan pelatihan/ penataran lan sosialisasi regulasi kurikulum 2013, sarana lan prasarana, samaptanipun perangkat pamulangan saha ewah-ewahanipun mind set lan sistem pambiji mliginipun pambiji aspek sikap, lan, lan (4) strategi ngudhali pambengan dipunwontenaken pelatihan lan sosialisasi gegayutan kaliyan regulasi kurikulum 2013 lan dana ingkang nyekapi. Pamijining Tembung : Cak-cakanipun Kurikulum 2013, pamulangan basa Jawi %A Diah Kusumaning Bratangalun