<> "The repository administrator has not yet configured an RDF license."^^ . <> . . . "Mekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMK"^^ . "Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken: (1) tata cara mekaraken kamus basa Jawi digital mawi aplikasi Android kanthi kualitas sae, (2) tingkat kelayakan produk kamus basa Jawi digital ingkang dipundamel mawi aplikasi android tumrap siswa SMA/SMK adhedhasar pambijinipun para validator, saha (3) pamanggihipun guru basa Jawi kaliyan siswa dhateng produk kamus basa Jawi digital mawi aplikasi andorid tumrap siswa SMA/SMK.\r\nPanaliten\tpengembangan\tmenika\tngginakaken\tmodel\tpengembangan miturut Borg saha Gall. Tata caranipun damel produk kaperang dados tigang tataran, inggih menika tataran studi wiwitan, tataran damel produk, saha tahap tataran uji lapangan. Pambijining produk dipuntindakaken dening ahli materi, ahli media, guru basa Jawi saha ujicoba dhateng siswa. Uji coba winates dipuntindakaken dhateng siswa cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 2\r\nSalam cacah setunggal, sarta siswa SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah enem saha guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal. Subjek uji coba lapangan ingkang langkung wiyar inggih menika siswa SMK Muhammadiyah 2\r\nSalam saha SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah sewidak sarta guru basa Jawi cacah enem ingkang kaperang saking guru SMK Muhammadiyah 2 Salam cacah setunggal, guru SMK Muhammadiyah 1 Salam cacah kalih, guru SMK Muhammadiyah 1 Muntilan cacah setunggal, guru SMK Negeri 1 Salam cacah setunggal, saha guru SMA Negeri 1 Muntilan cacah setunggal. Data asiling ujicoba dipunpendhet mawi kuesioner lajeng dipun-analisis kanthi deskriptif kuantitatif.\r\nAsiling panaliten menika arupi aplikasi kamus basa Jawi digital mawi android tumrap siswa SMA/SMK. Panaliten menika ugi ngasilaken data kualitas saha kelayakan produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android ingkang kalebet kategori sae sanget. Asil pambijinipun kualitas produk dening ahli media, ahli materi ugi guru basa Jawi kalebet kategori sae sanget. Para siswa saha guru basa Jawi ugi sarujuk sanget kanthi wontenipun mulitmedia kamus basa Jawi digital mawi android. Adhedhasar biji kasebut, mila produk media pasinaon kamus basa Jawi digital mawi android layak sanget dipunginakaken ing salebeting pasinaon basa Jawi. Ing tembenipun, produk media pasinaon kamus basa\tJawi\tdigital\tmawi\tandroid\tdipunangkah\tsaged\tdipunmupangataken minangka salah satunggaling sarana pambiyantu ngindhakaken seserepanipun para siswa bab kawruh tetembungan basa Jawi"^^ . "2016-06-30" . . . "UNY"^^ . . . "Program Pascasarjana, UNY"^^ . . . . . . . . . "Nur Hanifah"^^ . "Insani"^^ . "Nur Hanifah Insani"^^ . . . . . . "Mekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMK (Text)"^^ . . . "tesis-nur-hanifah-insani-14714251006.swf"^^ . . "HTML Summary of #35445 \n\nMekaraken Kamus Basa Jawi Android mawi Aplikasi Android Tumrap Siswa SMA/SMK\n\n" . "text/html" . . . "Bahasa Jawa"@en . .