eprintid: 31907 rev_number: 10 eprint_status: archive userid: 1194 dir: disk0/00/03/19/07 datestamp: 2016-04-26 07:51:45 lastmod: 2020-09-24 04:13:31 status_changed: 2016-04-26 07:51:45 type: thesis metadata_visibility: show creators_name: Leksono, Budi Wiji title: PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA ispublished: pub subjects: E2 divisions: fbs_pend_bahasa_jawa full_text_status: public keywords: PEPINDHAN, KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING, ST. IESMANIASITA abstract: PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA Dening Budi Wiji Leksono NIM 10205244012 SARINING PANALITEN Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud saha makna pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita. Pepindhan, inggih menika salah satungggaling jinis bahasa kias ingkang ngewrat tembung panandhing, ingkang dipunandharaken kanthi eksplisit. Dene tembung ingkang dados tembung panandhingipun, inggih menika kaya, kadi, lir, pindha, kadya, lsp. Wujud ing panaliten menika karembag kanthi cara madosi gegayutan antawisipun bab ingkang katandhingaken saha bab ingkang dados panandhingipun. Subjeking panaliten, inggih menika novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping ingkang kaandharaken mawi basa Jawi ngoko. Panaliten menika ngrembag pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping, mliginipun ingkang gayut kalihan wujud saha makna saking pepindhan kasebat. Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Instrumen ing panaliten awujud kertu data saha kertu analisis. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi teknik analisis stilistika lan kaandharaken kanthi deskrpitif. Caranipun ngesahaken data ing panaliten menika mawi validitas (semantis lan expert judgement) lan reliabilitas intra-rater. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) wujud bahasa kias simile, ing antawisipun bab ingkang katandhing saha bab panandhing dipunpanggihaken wontenipun bab ingkang gegayutan. Gegayutan ingkang dipunpanggihaken, inggih menika ing bab wujud, warni, wujud saha warni, solah, raos, sipat, saha swanten, (2) makna pepindhan wonten ing novel Kidung Wengi Ing Gunung Gamping anggitanipun St. Iesmaniasita sampun mujudaken makna kias. Makna kias ing novel saged dipunmangertosi kanthi nggatosaken konteks-ipun lajeng dipunanalisis kangge manggihaken makna ingkang dipunkajengaken dening panganggit. Makna ingkang dipunpanggihaken umumipun paring gambaran kawontenan (wujud, warni, wujud saha warni), solah, pangraos (badan saha manah), nasib, saha swanten. Nanging gegambaran tumrap pangraos, mliginipun pangraosing manah ingkang sipatipun sarwi boten sakeca gunggungipun langkung kathah. Bab menika temtu kemawon wonten gayutipun kalihan Kidung Wengi Ing Gunung Gamping. date: 2015-04-07 date_type: published institution: FBS UNY department: Pendidikan Bahasa Jawa thesis_type: skripsi citation: Leksono, Budi Wiji (2015) PEPINDHAN WONTEN ING NOVEL KIDUNG WENGI ING GUNUNG GAMPING ANGGITANIPUN ST. IESMANIASITA. S1 thesis, FBS UNY. document_url: http://eprints.uny.ac.id/31907/1/Budi%20Wiji%20Leksono_1020524412.pdf