%K sistem honorifik, desa canan kecamatan wedi %L UNY25832 %D 2013 %T SISTEM HONORIFIK ING DESA CANAN KECAMATAN WEDI KABUPATEN KLATEN %X Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken wujud, jinis saha fungsi honorifik ingkang dipunginakaken masarakat desa Canan Kecamatan Wedi Kabupaten Klaten. Panaliten menika ngandharaken wujud, jinis saha fungsi honorifik ing pawicantenan ingkang dipuntuturaken masarakat desa Canan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika arupi tembung saha frase ingkang wonten gegayutanipun kaliyan honorifik ing desa Canan. Sumber datanipun inggih menika pawicantenan utawi pirembagan masarakat desa Canan ingkang ngemu honorifik ingkang dipunpendhet nalika wonten pasrawungan, pengaosan utawi acara manten. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis deskriptif. Data dipunkempalaken ngginakaken teknik rekam kangge manggihaken wujud honorifik ingkang dipunginakaken masarakat desa Canan. Data dipunanalisis ngginakaken teknik deskriptif inggih menika teknik nyathet saking mirengaken data ingkang sampun dipunrekam. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken validitas triangulasi teori. Lajeng manggihaken reliabilitas ngginakaken reliabilitas stabilitas kangge ngambali asiling rekaman wicantenan ing desa Canan. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud honorifik ingkang dipunpanggihaken inggih menika wujud tembung saha frase. Honorifik awujud tembung menika wonten tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep, tembung camboran saha tembung wancah. Honorifik awujud tembung jinisipun wonten honorifik nama dhiri, pasedherekan, sesulih purusa, pangkat jabatan, profesi saha honorifik gelar. Honorifik awujud frase kadadosan saking (1)tembung wancah saha tembung lingga, (2) tembung andhahan saha tembung wancah, (3) tembung camboran saha tembung lingga, (4)kalih tembung lingga, (5)kalih tembung wancah, (6) Tembung lingga cacahipun tiga, (7) Tembung andhahan, tembung camboran saha tembung lingga, (8)kalih tembung wancah saha tembung lingga, (9)tembung wancah saha tembung lingga cacahipun tiga. Honorifik awujud frase jinisipun wonten (1) honorifik pasedherekan saha nama dhiri, (2)honorifik pasedherekan saha sesulih purusa, (3) honorifik gelar umum, nama dhiri saha gelar pendidikan, lajeng honorifik gelar umum ingkang jumbuh kaliyan honorifik sanesipun inggih menika (4) tembung sesulih, (5) pangkat jabatan, (6)gelar tokoh gaib,(7) gelar religius, (8)nama dhiri, utawi (9) honorifik profesi. Fungsinipun honorifik dipunginakaken kangge panandha suka pakurmatan, panandha rapeting pasedherekan, saha panandha katresnan. %I Universitas Negeri Yogyakarta %A Ryan Ikhwan Khairi