%0 Thesis %9 S1 %A Supriyatin, Teguh %B Pendidikan Bahasa Jawa %D 2013 %F UNY:25192 %I Universitas Negeri Yogyakarta %K tembung panggandheng, ukara camboran, novel cintrong paju-pat %T TEMBUNG PANGGANDHENG INGKANG DIPUNSINGIDAKEN ING UKARA CAMBORAN SALEBETIPUN NOVEL CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA %U http://eprints.uny.ac.id/25192/ %X Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken tembung panggandheng ingkang dipunsingidaken ing ukara camboran salebetipun novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Tembung panggandheng ingkang dipuntliti gayutipun kaliyan (1) wujud, (2) jinis, saha (3) sesambetan makna ingkang dipunwujudaken dening tembung panggandheng menika. Panaliten mujudaken panaliten deskriptif inggih menika ngandharaken tembung panggandheng ingkang dipunsingidaken ing ukara camboran salebetipun novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Dhata panaliten menika awujud tembung panggandheng ingkang dipunsingidaken ing ukara camboran salebetipun teks narasi, sumber dhata ngginakaken novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Caranipun ngempalaken dhata ing panaliten menika mawi maos teks narasi makaping-kaping saha tlatos, lajeng dhata ingkang kapanggihaken dipunserat ing kertu dhata. Caranipun nganalisis dhata inggih menika mawi klasifikasi, tabulasi saha deskripsi. Pirantosing panaliten inggih menika panaliti ingkang kedah migatosaken cacahing klausa, fungsi sintaksis klausa-klausa ing ukara camboran, konteks wacana ingkang ngemot sumber dhata, nyuraos sesambetan makna antawisipun klausa sepisan lan sanesipun, nguwaosi teori saha cak-cakanipun. Caranipun ngesahaken dhata kanthi validitas semantik-kontekstual kaliyan validitas triangulasi teori saha reliabilitas intrarater kaliyan reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten ngemot saperangan dudutan. Menawi dipuntingali saking wujudipun, tembung panggandheng ingkang dipunsingidaken ing ukara camboran salebetipun novel Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata kapanggihaken wonten ingkang awujud monomorfemis, polimorfemis, gabung tembung, monomorfemis/ polimorfemis saha monomorfemis/ polimorfemis/ gabung tembung. Menawi dipuntingali saking jinisipun saha sesambetan maknanipun, tembung panggandheng ingkang dipunsingidaken ing ukara camboran kapilah dados tembung panggandheng koordinatif saha tembung panggandheng subordinatif. Tembung panggandheng koordinatif mujudaken sesambetan makna sesambungan (lan, lan banjur), luwih (tur, malahan, tur maneh), kosok balen (nanging, suwalike), urut-urutan (banjur), saha pilihan (utawa, utawa malah). Wondene, tembung panggandheng subordinatif mujudaken sesambetan makna sebab (amarga, merga), isi (yen), cara (kanthi, sambi, sinambi), akibat (mula, akibate), ancas (supaya, bene), kosok balen (nadyan, sanadyan), pambandhing (kaya, kaya-kaya, kayadene), saha titi mangsa (sadurunge, bareng, nalika).