%0 Thesis %9 S1 %A Timur, Ria Asmara %B Pendidikan Bahasa Jawa %D 2013 %F UNY:25155 %I Universitas Negeri Yogyakarta %K tembung wilangan, rubrik wacana bocah, kalawarti djaka lodang %T TEMBUNG WILANGAN ING RUBRIK WACAN BOCAH WONTEN KALAWARTI DJAKA LODHANG %U http://eprints.uny.ac.id/25155/ %X Ancasing panaliten menika ngandharaken tembung wilangan ing Rubrik Wacan Bocah wonten Kalawarti Djaka Lodhang . Tembung wilangan ingkang dipunteliti gegayutan kaliyan 1) wujud tembung wilangan, saha; 2) Jinising tembung wilangan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten inggih menika tembung wilangan ing Rubrik Wacan Bocah wonten Kalawarti Djaka Lodhang ingkang saged dipuntingali wujud saha jinisipun. Sumber data-nipun inggih menika Rubrik Wacan Bocah wonten ing Kalawarti Djaka Lodhang ingkang cacahipun 18. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha nyerat. Panaliten menika dipunteliti kanthi analisis morfologi. Caranipun nganalisis dhata inggih menika data dipunudhari ngginakaken teknik analisis deskriptif. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha pamanggihipun para ahli inggih menika dosen pembimbing, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika gegayutan kaliyan wujud saha jinising tembung wilangan ing Rubrik Wacan Bocah wonten Kalawarti Djaka Lodhang. Tembung wilangan menawi dipuntingali saking wujudipun, saged kaperang dados kalih inggih menika monomorfemis saha polimorfemis. Tembung wilangan awujud polimorfemis taksih saged kaperang malih dados tembung wilangan awujud andhahan, tembung wilangan awujud rangkep, tembung wilangan awujud camboran, tembung wilangan awujud gabungan (kombinasi) antawis wujud andhahan kaliyan wujud rangkep saha tembung wilangan awujud gabungan (kombinasi) antawis wujud andhahan kaliyan wujud camboran. Tembung wilangan menawi dipuntingali saking jinisipun, saged kaperang dados gangsal inggih menika tembung wilangan pokok, tembung wilangan pecahan, tembung wilangan susun, tembung wilangan ukuran, saha tembung wilangan pepasangan.