TY - THES Y1 - 2013/10/21/ KW - media macromedia flash KW - unggah-ungguh mertamu KW - basa jawi ID - UNY25145 AV - public A1 - Pinuji, Dewi Hajar TI - MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA PB - Universitas Negeri Yogyakarta M1 - skripsi N2 - Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken tahap damel media pasinaon unggah-ungguh mertamu kanthi aplikasi Macromedia Flash, ngandharaken kualitas media pasinaon unggah-ungguh mertamu saking ahli media saha guru basa Jawi, ngandharaken tanggapan guru lan siswa tumrap panganggenipun media pasinaon unggah-ungguh mertamu kanthi aplikasi Macromedia Flash. Panaliten menika kagolong panaliten pengembangan utawi Research and Development (R&D). Panaliten dipuntindakaken mawi gangsal tahap inggih menika (1) tahap nganalisis; (2) tahap damel desain media; (3) tahap damel media; (4) tahap validasi saha ujicoba media saha; (5) asiling tampilan media. Produk media menika dipunbiji dening dosen ahli media mawi validasi. Cara ngempalaken data dipuntindakaken ngginakaken angket. Cara nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) Wonten ing tahap damel media pasinaon kaperang dados gangsal tahap inggih menika (a) tahap nganalisis; (b) tahap damel desain media; (c) tahap damel media; (d) tahap validasi saha ujicoba media saha; (e) asiling tampilan media. (2) Wonten ing tahap pambijinipun kualitas media pasinaon unggah-ungguh mertamu adhedhasar saking asil pambiji validasi inggih menika(a) asil validasi dening ahli media kagolong kategori ?sae? prosentase 79%; (b) pambiji dening guru basa Jawi kagolong kategori ?sae sanget? kanthi prosentase 94%; (c) tahap ujicoba siswa kelas X kagolong kategori ?sae sanget? kanthi prosentase 84,2%. (3) Ujicoba siswa kelas X kagolong kategori ?sae sanget? kanthi prosentase 84,2%. Prosentase ketuntasan siswa anggenipun nggarap gladhen pikantuk 82,1%. Jumbuh kaliyan asil panaliten kasebut bilih media pasinaon unggah-ungguh mertamu pikantuk tanggapan sae sanget saking siswa wonten ing pasinaon unggah-ungguh mertamu. UR - http://eprints.uny.ac.id/25145/ ER -