%L UNY25123 %K basa entar, novel nona sekretaris %A Nelinda Riskiana %X Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken panganggening basa entar ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata. Panganggening basa entar menika dipunandharaken adhedhasar jinis saha fungsi basa entar ingkang dipunginakaken ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumbering data panaliten inggih menika panganggening basa entar ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata, mliginipun ing bab jinis saha fungsi basa entar. Cara ngempalaken data kanthi cara maos saha nyerat, dipunlampahaken kanthi cara maos novel Nona Sekretaris kanthi tliti, premati saha kanthi wongsal-wangsul. Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika tabel analisis data ingkang kabantu kartu data. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi teknik analisis stilistika saha kaandharaken kanthi deskriptif. Caranipun ngesahaken data panaliten menika mawi validitas semantis saha reliabilitas (intra-rater saha interrater). Asiling panaliten menika nedahaken jinis saha fungsi basa entar ingkang dipunginakaken ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata. Jinising basa entar ingkang dipunpanggihaken wonten 5 jinis, inggih menika: simile, metafora, personifikasi, metonimia saha sinekdoke. Panganggening basa entar ingkang variatif kasebat, nambah kaendahaning novel Nona Sekretaris. Fungsi basa entar ing novel Nona Sekretaris anggitanipun Suparto Brata inggih menika, damel endahing swanten saha pocapan, konkritisasi, nggamblangaken gambaran, nggesangaken gambaran saha obyek, nuwuhaken kesan saha kawontenan tartamtu, damel ringkes seratan saha pocapan, saha nggambaraken raosing manah paraga. %I Universitas Negeri Yogyakarta %T BASA ENTAR ING NOVEL NONA SEKRETARIS ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA %D 2013