TY - THES TI - KAJIAN FILOLOGI SAHA ISINING TEKS SERAT ICIP PATI PB - Universitas Negeri Yogyakarta A1 - Admojo, Ghis Nggar Dwi AV - public ID - UNY24960 KW - filologi KW - serat icip pati Y1 - 2013/12/12/ UR - http://eprints.uny.ac.id/24960/ N2 - Ancasing panaliten menika wonten sekawan perangan. Andharaning sekawan perangan menika: 1) ndamel transkripsi Serat Icip Pati, 2) ndamel suntingan Serat Icip Pati, 3) ndamel terjemahan Serat Icip Pati, saha 4) ngandharaken isining teksSerat Icip Pati. Panaliten menika kalebet panaliten filologi modern saha panaliten deskriptif. Subjek panaliten menika arupi teksSerat Icip Pati,dene objek panalitenipun inggih menika isining teksserat menika. Naskah menika kapanggihaken ingPerpustakaan Kirti Griya Tamansiswa Yogyakarta kanthi kodeks Bb.1.131.Datapanaliten dipunkempalaken mawi cara panaliten filologi ingkang winates, inggih menika inventarisasi naskah, maos, transkripsi, suntingan, sahaterjemahan. Piranti ingkang kaginakaken ing panaliten menika awujud kartu data. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipun-analisis mawi cara analisis deskriptif.Validitas ingkang dipun-ginakaken inggih menika validitas semantik, dene reliabilitas-ipun ngginakaken reliabilitas intrataterkaliyaninterratter. Asiling panaliten menika wonten sekawan perangan. Andharaning sekawan peranganmenika: 1) inventarisasi naskahnedahaken bilih naskah ingkang ngewratteks SeratIcip Patimenika cacahipun wonten kalih eksemplar, ingkang sapisan kasimpen ing Perpustakaan Universitas Indonesia kanthi nomer panggil BKL. 0278-PW 55 saha ingkang nomer kalih kasimpen ing Perpustakaan Kirti Griya Tamansiswa Yogyakarta kanthi kodeks Bb.1.131; 2) asiling suntingan nedahaken bilih aksara, wanda, saha tembung ingkang dipun-sunting cacahipun wonten 35; 3) terjemahanteks Serat Icip Patiing panaliten menika dipunadani kanthi nggantos basa sumber dhateng basa sasaran, inggih menika saking basa Jawi dhateng basa Indonesia. Dene cara terjemahan-ipun inggih menika terjemahan harfiah, terjemahan isi, sahaterjemahan bebas; 4) Serat Icip Patimenika ngewratbab kawruh icip pati. Kawruh icip pati menika kaperang dados 5, inggih menika pawadan kenging menapa kedah nyumurupi ngelmi icip pati, jinis saha pangertosaning icip pati, icip pati sinida, icip pati tilem, saha icip pati rasa jati. M1 - skripsi ER -