TY - THES ID - UNY24951 UR - http://eprints.uny.ac.id/24951/ AV - public M1 - skripsi PB - Universitas Negeri Yogyakarta KW - ikon KW - geguritan KW - kalawarti sempulur KW - semiotik pierce N2 - Ancasing panaliten menika ngandharaken ikon wonten ing geguritan salebeting kalawarti Sempulur babaran 2012. Ikon ingkang dipunteliti gegayutan kaliyan jinis ikon, wujud ikon, saha maknanipun ikon wonten ing geguritan salebeting kalawarti Sempulur babaran 2012. Panaliten menika ngginakaken wawasan semiotik ingkang kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten inggih menika rerangkening tetembungan ing larik utawi pada wonten ing geguritan salebeting kalawarti Sempulur babaran 2012 ingkang saged dipuntingali saking jinis, wujud, saha maknanipun. Sumber data-nipun inggih menika geguritan wonten ing kalawarti Sempulur babaran 2012. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha nyerat. Caranipun nganalisis data inggih menika data dipunudhari ngginakaken teknik analisis deskriptif. Pirantining panaliten inggih menika panaliti ingkang kedah manggihaken data kanthi ninggali titikanipun tandha ikon wonten ing teori ingkang dipunginakaken. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken validitas semantik saha referensial, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken realibitas intrarrater saha interrater. Asiling panaliten inggih menika gegayutan kaliyan jinis, wujud, saha maknanipun ikon wonten ing geguritan salebeting kalawarti Sempulur. Ikon menawi dipuntingali saking jinisipun, saged kaperang dados tiga inggih menika ikon imagis, ikon diagramatik, saha ikon metaforis. Saking tigang jinis ikon menika wujudipun beda-beda inggih menika ikon imagis wujudipun gambar saha tetembungan onomatope, lajeng ikon diagramatik wujudipun pengurutan tembung saha pengulangan tembung. Ingkang pungkasan ikon metaforis wujudipun tetembungan ingkang tegesipun abstrak saha konkret. Salajengipun ngengingi bab makna saking tandha ikon kajumbuhaken saking konteks ing geguritan salebeting kalawarti sempulur babaran 2012 inggih menika gegayutaning kaliyan bab raos, tumindhak saha kawontenan. Y1 - 2013/11/22/ TI - IKON WONTEN ING GEGURITAN SALEBETING KALAWARTI SEMPULUR BABARAN 2012 (kanthi Wawasan Semiotik Peirce) A1 - Fatikah, Anissatul ER -