TY - THES AV - public A1 - Kurniati, Hana TI - PANDANGAN DUNIA SUPARTO BRATA WONTEN ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK PB - Universitas Negeri Yogyakarta KW - pandangan dunia KW - novel lara lapane kaum republik Y1 - 2013/08/22/ ID - UNY24861 UR - http://eprints.uny.ac.id/24861/ M1 - skripsi N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken pandangan dunia Suparto Brata wonten salebeting novel Lara Lapane Kaum Republik. Wedharan pandangan dunia dipuntindakaken kangge mangertosi asal lairipun reriptan novel. Pandangan dunia saged dipunmangertosi saking gayutan antawisipun fakta cerita novel Lara Lapane Kaum Republik kalihan latar belakang sosial panganggit, saha latar belakang sosial ingkang kagambaraken wonten salebeting novel Lara Lapane Kaum Republik. Sumber data panaliten inggih menika novel Lara Lapane Kaum Republik anggitanipun Suparto Brata. Cara ngempalaken data ingkang dipunginakaken kanthi maos nyerat. Pirantining panaliten menika kertu data kangge mbiyantu panaliti anggenipun ngempalaken data. Analisis data mawi metode dialektik wonten panaliten ingkang ngginakaken teori strukturalisme genetik. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik, wondene reliabilitas ngginakaken reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten, saha pirembagan ngandharaken bilih: 1) fakta cerita paraga wonten ing Lara Lapane Kaum Republik inggih menika Wiradi, Wiranta, Sukardiman, Kusnarna, Ibu Wiradad, saha Elok. Latar wekdal antawisipun warsa 1948-1949. Latar papan wonten ing tlatah saindenging Solo, antawisipun desa Bekonang, Widuran, Bengawan, saha Madiun. Latar sosial nedahaken kawontenan prastawa panguwaosan Welandi ing kutha Solo, pemberontakan PKI ing Madiun, saha kawontenan antawisipun warsa 1948-1949. Plot wonten ing novel ngginakaken alur progresif inggih menika alur ingkang nedahaken satunggaling perkawis nyebabaken perkawis sanesipun. 2) latar belakang sosial ingkang kagambaraken wonten ing novel inggih menika Agresi Militer Belanda II, pemberontakan PKI ing Madiun, saha kawontenan antawisipun warsa 1948- 1949. 3) asal lairipun reriptan novel saged dipunmangertosi saking pandangan dunia panganggit. Suparto Brata ngripta fakta sejarah wonten salebeting novel. Prastawa sejarah menika dipunginakaken kangge mbangun kawontenan kasunyatanipun, ingkang salajengipun dipungambaraken mawi fakta cerita. Prastawa-prastawa sejarah wonten ing novel inggih menika Agresi Militer Belanda II, pemberontakan PKI ing Madiun, saha kawontenan rikala warsa 1948-1949. Gegayutan kalihan prastawa kasebut, Suparto Brata nedahaken gagasan antawisipun, nasionalisme, ikhtiar, saha katresnan. Pandangan dunia Suparto Brata kasebut tuwuh saking kawontenan sosial rikala bangsa dipunjajah Welandi. Rakyat kedah gadhah jiwa nasionalisme tumrap republik supados saged uwal saking jajahanipun Welandi. Kawontenan sosial menika ndadosaken kaum republik kedah ikhtiar kangge ngupiya gesang ing kawontenan sosial ingkang boten temtu, sarta katresnan dhateng tiyang sepuh mliginipun ibu. ER -