TY - THES UR - http://eprints.uny.ac.id/24860/ N2 - Perkawis ingkang dipunrembag wonten panaliten inggih menika (1) Kadospundi milabukanipun pepali wonten pagesangan tiyang Jawi wonten ing desa Wirasaba Kecamatan Bukateja Kabupaten Purbalingga, (2) Jinising Pepali wonten pagesangan tiyang Jawi wonten ing desa Wirasaba Kecamatan Bukateja Kabupaten Purbalingga, (3) Paedahing Pepali wonten pagesangan tiyang Jawi di desa Wirasaba Kecamatan Bukateja Kabupaten Purbalingga. Gegaran teori ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika tegesipun folklor, tegesipun mitos, saha tegesipun pepali. Paedah saking panaliten menika wonten paedah praktis saha paedah teoritis. Metode ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika kualitatif naturalistik ingkang ngasilaken data deskriptif. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten ing panaliten inggih menika ngangge teknik observasi pengamatan, wawancara, saha dokumentasi. Asiling panaliten inggih punika masarakat ing desa Wirasaba taksih ngugemi tumrap pepali pagesangan menika. Kathah sebab ingkang mangaribawani masarakat ing desa Wirasaba minangka panyengkuyungipun inggih punika wontenipun raos yakin dhateng kabudayan kasebut, raos pitados menawi ngugemi pepali menika saged nuwuhaken tentreming batos, pinaringan keslametan saha kawilujengan, saha raos pitados menawi ngugemi pepali menika saged nyaketaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Kathah paedah ing salebeting pepali pagesangan kangge masarakat ingkang ngugemi. Paedah pepali pagesangan inggih punika kangge spiritual, sosial, saha nglestantunaken tradhisi. Masarakat desa Wirasaba wonten ingkang pitados saha boten pitados dhateng pepali pagesangan menika. Wonten kathah sebab ingkang mangaribawani pamanggih masarakat babagan pepali pagesangan wonten ing desa Wirasaba punika. Sebab-sebab ingkang mangaribawani pamanggih masarakat babagan pepali pagesangan inggih menika yuswa, pendidikan, lingkungan, saha agami. M1 - skripsi AV - public A1 - Subekti, Eko Agus TI - PEPALI WONTEN PAGESANGAN TIYANG JAWI ING DESA WIRASABA BUKATEJA PURBALINGGA PB - Universitas Negeri Yogyakarta KW - pepali KW - pagesangan tiyang jawi KW - desa wirasaba ID - UNY24860 Y1 - 2013/08/26/ ER -