@phdthesis{UNY24844, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, title = {PANGANGGENING DWIBASA DENING SISWA PAUD KB AL AZHAR DESA BINORONG KECAMATAN BAWANG KABUPATEN BANJARNEGARA}, author = {Rizqi Prima Jalu Prastyatama}, month = {March}, year = {2014}, abstract = {Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken panganggening dwibasa siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara. Panaliten menika ngandharaken wujud, ginanipun saha bab ingkang ndayani panganggening dwibasa wonten PAUD. Ingkang dipuntuturaken dening para siswanipun. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud rekaman tuturan ingkang ngemu dwibasa dening siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara. Sumber datanipun inggih menika pawicantenan siswa wonten sekolah saha wonten papan papan griyanipun. Panaliten menika dipuntliti kaliyan panaliten Sosiolinguistik. Teknik ingkang dipunginakaken ngempalaken data inggih menika metode cakap, teknik rekam, saha teknik catat. Data dipunanalisis migunakaken teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken wujud, guna saha bab ingkang ndayani panganggening dwibasa siswa PAUD KB Al Azhar Desa Binorong Kecamatan Bawang Kabupaten Banjarnegara. Kangge manggihaken validitas data migunakaken validitas triangulasi teori. Piranti ingkang dipunginakaken kangge mnemtokaken reliabilitas data migunakaken uji stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud dwibasa inggih menika campur kode saha alih kode. Campur kode arupi tembung saha frase. Dipuntingali saking wujud tembungipun, tembung saged dipunperang dados gangsal inggih menika tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep, tembung camboran, saha tembung wancah. Alih kode arupi klausa saha ukara. Saklajengipun ginanipun dwibasa ingkang kapanggihaken wonten panaliten menika inggih wonten guna instrumenal, guna regulatori, guna representasional, guna interaksional, guna personal, guna heuristik saha guna imajinatif. Saklajengipun bab ingkang ndayani panganggening dwibasa inggih menika saking tiyang sepuhipun, papan sakiwa tengenipun griya, pasinaonan wonten sekolah saha menapa ingkang dados hobi utawi ingkang dipunremeni dening siswa.}, keywords = {dwibasa, PAUD KB Al Azhar}, url = {http://eprints.uny.ac.id/24844/} }