TY - THES N2 - Ancasing panaliten menika kangge ngrembag babagan kajian inferensi wacana kartun editorial wonten ing Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei- Desember 2013. Panaliten menika ngandharaken jinising inferensi wacana kartun editorial adhedhasar wosing wacana saha fungsi inferensi wacana kartun editorial wonten ing Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data saking panaliten menika awujud tuturan wacana kartun editorial ingkang ngewrat inferensi. Sumber datanipun inggih menika Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei- Desember 2013. Data dipunpanggihaken kanthi teknik maos saha teknik nyathet. Caranipun nganalisis data ngginakaken cara analisis deskriptif, cara menika dipunlampahi kanthi cara: (1) identifikasi, (2) klasifikasi, saha (3) analisis wacana-wacana kartun wonten ing Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013. Panaliten menika ngginakaken validitas awujud expert judgement utawi pertimbangan ahli, salajengipun ngginakaken reliabilitas intrarater awujud cek ricek utawi kajian berulang. Jinising inferensi wacana kartun editorial ingkang kapanggihaken wonten ing Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013 inggih menika (1) inferensi wacana politik, (2) inferensi wacana sosial, (3) inferensi wacana ekonomi, (4) inferensi wacana militer, (5) inferensi wacana hukum lan kriminalitas saha (6) inferensi wacana pendidikan. Jinising inferensi wacana kartun editorial ingkang kathah kapanggihaken wonten ing Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013 inggih menika inferensi wacana hukum saha kriminalitas. Awit wacana kartun editorial menika kathahipun ngrembag kadadosan-kadadosan utawi prekawis hukum saha kriminalitas ingkang kalampahan wonten ing lingkungan masarakat. Dene fungsi inferensi wacana kartun editorial wonten ing Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013 inggih menika kangge (1) sindiran, (2) panyaruwe, (3) pamrayogi saha (4) pangajeng-ajeng. Fungsi inferensi wacana kartun editorial ingkang kathah kapanggihaken wonten ing Kalawarti Djaka Lodang wedalan Mei-Desember 2013 inggih menika kangge ngandharaken sindiran. Awit sindiran menika salah satunggaling sarana kangge mbangun bangsa saha nagari supados saged langkung sae. Y1 - 2014/04/15/ PB - Universitas Negeri Yogyakarta KW - kajian referensi KW - kartun editorial KW - djaka lodang TI - KAJIAN INFERENSI WACANA KARTUN EDITORIAL WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN MEI-DESEMBER 2013 A1 - Fajriatun, Dwi Prastanti AV - public M1 - skripsi UR - http://eprints.uny.ac.id/24821/ ID - UNY24821 ER -