%0 Thesis %9 S1 %A Ambarini, Dini %B Pendidikan Bahasa Jawa %D 2014 %F UNY:24817 %I Universitas Negeri Yogyakarta %K maksim kecocokan, novel lintang %T PANGANGGENING MAKSIM KECOCOKAN WONTEN NOVEL LINTANG ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI %U http://eprints.uny.ac.id/24817/ %X Ancasing panaliten, inggih menika ngandharaken panganggening kaliyan penyimpangan maksim kecocokan wonten novel Lintang saha ngandharaken menapa ginanipun panganggening kaliyan penyimpangan maksim kecocokan wonten novel Lintang. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika wujudipun pacelathon ingkang dipunlesanaken dening para paraga. Sumber datanipun inggih menika novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi cara maos saha nyerat. Pirantos panalitenipun inggih menika kertu data. Data dipunanalisis ngginakaken analisis deskriptif ingkang objektif saha menapa wontenipun. Caranipun manggihaken validitas ngginakaken validitas semantis saha pamanggihipun para ahli. Wondene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika kapanggihaken wicantenan ingkang ngginakaken maksim kecocokan saha nyebal saking maksim kecocokan. Pacelathon ingkang kalebet ngginakaken maksim kecocokan menika pacelathon ingkang sampun manggihaken setunggal pasarujukan antawisipun penutur kaliyan lawan tuturipun. Wosipun wicantenan ingkang ngginakaken maksim kecocokan inggih menika lawan tutur sarujuk nindakaken menapa dhawuhipun penutur. Pacelathon ingkang kalebet penyimpangan maksim kecocokan menika pacelathon ingkang boten manggihaken setunggal pasarujukan antawisipun penutur kaliyan lawan tuturipun. Wosipun wicantenan ingkang kalebet penyimpangan maksim kecocokan inggih menika lawan tutur boten sarujuk nindakaken menapa dhawuhipun penutur. Ginanipun basa saking panganggening maksim kecocokan menapadene penyimpangan maksim kecocokan inggih menika fungsi emotif, direktif, interpersonal, representasional, metalingual saha imajinatif.. Pacelathon ingkang sampun manggihaken pasarujukan menika dipunsebut santun, wondene pacelathon ingkang boten manggihaken setunggal pasarujukan menika dipunsebut kirang santun.