<> "The repository administrator has not yet configured an RDF license."^^ . <> . . . "TEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013"^^ . "Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken tembung garba wonten ing rubrik macapat kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan Januari-Juni 2013. Tembung garba ingkang dipuntliti gayut kaliyan wujudipun garba, pandhapukipun tembung garba, saha tegesipun tembung garba.\r\nPanaliten menika mujudaken panaliten deskriptif, inggih menika ngandharaken tembung garba wonten ing rubrik macapat kalawarti Djaka Lodang wedalan wulan Januari-Juni 2013. Data panaliten menika awujud tembung ingkang kalebet tembung garba, sumbering data ngginakaken kalawarti Djaka Lodang inggih menika perangan rubrik macapat kanthi 26 kempalan macapat utawi 26 edisi. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika human instrument saha tabel analisis data ingkang dipunbiyantu kaliyan kertu data. Caranipun nganalisis data inggih menika kanthi cara deskriptif, ingkang kanthi lampahan identifikasi, tabulasi, reduksi, saha inferensi. Caranipun ngesahaken data kanthi cara validitas triangulasi teori saha validitas semantis, sarta reliabilitas intrarater saha reliabilitas interatter. Reliabilitas intrarater ngginakaken lampahan Cek Ricek, wondene reliabilitas interater kanthi cara Expert Judgement.\r\nAsilipun panaliten menika ngandharaken wujudipun garba, pandhapukipun tembung garba, sarta tegesipun tembung garba wonten ing rubrik macapat kalawarti Djaka Lodang. Wujuding garba ingkang dipunpanggihaken wonten ing panaliten menika wonten kalih jinis, inggih menika tembung garba lumrah saha garba sutra ye. Manawi dipuntingali saking proses morfofonemik-ipun, tembung garba lumrah wonten wolung jinis proses morfofonemik sandi, inggih menika /a/ + /a/ = /a/, /a/ + /i/ = /e/, /a/ + /e/ = /e/, /a/ + /o/ = /o/, /i/ + /i/ = /e/, /u/ + /i/ = /e/, /e/ + /i/ = /e/ sarta /a/+/a/=/e/. Proses morfofonemik elipsis wonten pitung jinis, inggih menika elipsis /s/, (tan), /r/, /n/, (ha), /e/, sarta /a/. Wondene jinis garba sutra ye proses morfofonemik sandi wonten satunggal jinis, inggih menika /i/ + /a/ = (ya) . Pandhapukipun tembung garba wonten panaliten menika dipunperang dados kalih, inggih menika tembung garba ingkang sami kaliyan jinis tembung pandhapukipun saha ingkang beda kaliyan tembung pandhapukipun. Tegesipun tembung garba wonten panaliten menika dipunperang dados kalih jinis, inggih menika tegesipun tembung garba ingkang sami saha ingkang beda kaliyan teges tembung pandhapukipun."^^ . "2014-01-23" . . . "Universitas Negeri Yogyakarta"^^ . . . "Pendidikan Bahasa Jawa, Universitas Negeri Yogyakarta"^^ . . . . . . . . . "Wahyu"^^ . "Retnosari"^^ . "Wahyu Retnosari"^^ . . . . . . "TEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013 (Text)"^^ . . . "Wahyu Retnosari 09205244009.pdf"^^ . . . "TEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013 (Other)"^^ . . . . . . "lightbox.jpg"^^ . . . "TEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013 (Other)"^^ . . . . . . "preview.jpg"^^ . . . "TEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013 (Other)"^^ . . . . . . "medium.jpg"^^ . . . "TEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013 (Other)"^^ . . . . . . "small.jpg"^^ . . . "TEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013 (Other)"^^ . . . . . . "indexcodes.txt"^^ . . "HTML Summary of #24778 \n\nTEMBUNG GARBA WONTEN ING RUBRIK MACAPAT KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN WULAN JANUARI-JUNI 2013\n\n" . "text/html" . . . "Bahasa Jawa"@en . .