%0 Thesis %9 S1 %A Baktiar, Rendy Ari %B Pendidikan Bahasa Jawa %D 2014 %F UNY:24765 %I Universitas Negeri Yogyakarta %K basa kasar, Laskar Dagelan %T BASA KASAR WONTEN ING PENTAS LASKAR DAGELAN %U http://eprints.uny.ac.id/24765/ %X Panaliten punika katindakaken supados mangertos kados pundi panganggening basa kasar wonten ing pentas Laskar Dagelan. Panaliten punika ngandharaken wujud, jinis saha fungsi basa kasar ingkang dipuntuturaken dening para paraga dhagelan. Panaliten punika kalebet panaliten kanthi jinis deskriptif. Sumber data wonten ing panaliten punika kapanggihaken saking tuturan para paraga pentas Laskar Dagelan. Data wonten ing panaliten punika awujud wujud, jinis saha fungsi basa kasar. Panaliten punika katindakaken kanthi analisis sosiolinguistik. Cara anggenipun ngempalaken data inggih punika kanthi cara nyemak saha nyathet. Data ingkang sampun kapanggihaken dipunanalisis kanthi cara deskriptif inggih punika panaliti ngandharaken wujud, jinis saha fungsi basa kasar ingkang kapanggihaken wonten ing pentas Laskar Dagelan punika. Panaliti migunakaken validitas semantis kangge manggihaken data ingkang valid, lajeng kangge manggihaken reliabilitas, panaliti migunakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten punika ngandharaken wujud, jinis saha fungsi panganggening basa kasar wonten ing pentas Laskar Dagelan. Wujud basa kasar ingkang kapanggihaken inggih punika awujud tembung lingga, tembung andhahan, tembung wancah, tembung rangkep. Basa kasar awujud tembung ingkang kapanggihaken punika kanthi jinis tembung aran, tembung kaanan saha tembung kriya. Wujud basa kasar sanesipun inggih punika awujud frasa ingkang kanthi jinis frasa aran saha frasa kaanan. Wujud basa kasar ingkang pungkasan inggih punika awujud klausa. Fungsi basa kasar ingkang kapanggihaken inggih punika: 1) basa kasar kangge ngledhek, 2) basa kasar kangge nyindhir, 3) basa kasar kangge ngandharaken raos duka, 4) basa kasar kangge ngandharaken raos jengkel, 5) basa kasar kangge ngandharaken raos kuciwa, 6) basa kasar kangge ngandharaken gumun, 7) basa kasar kangge ngancem, 8) basa kasar kangge tenger rumaketing sesambetan, 9) basa kasar kangge guyon, 10) basa kasar kangge ngina, lan ingkang pungkasan 11) basa kasar kangge nyumpahi.