TY - THES AV - public KW - tradhisi gusaran KW - dhusun cipabeasan TI - TRADHISI GUSARAN ING DHUSUN CIPABEASAN DESA CILOPADANG KECAMATAN MAJENANG KABUPATEN CILACAP M1 - skripsi ID - UNY24745 UR - http://eprints.uny.ac.id/24745/ Y1 - 2014/01/27/ N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken prosesi lampahing tradhisi Gusaran, makna simbolik sesaji saha piranti ing salebeting tradhisi Gusaran, sarta paedahipun tradhisi Gusaran tumrap warga panyengkuyung. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken pengamatan berperanserta saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Prosesi lampahing tradhisi Gusaran kaperang dados kalih tahap : (a) cecawis ingkang awujud cecawis papan tradhisi Gusaran, olah-olah, nyekar ing makam, sarta cecawis sesaji. (b) lampahing tradhisi Gusaran awujud Gosok Penganten, Nyawér, Wilujengan, sarta Kondangan. (2) Makna simbolik sesaji saha piranti ingkang dipunginakaken ing salebeting tradhisi Gusaran menika kangge mahyakaken raos sukur kita dhateng ngarsaning Gusti supados lare ingkang dipungusar tansah pinaringan kawilujengan, katentreman, kabagaswarasan sarta pinaringan gampil anggenipun ngupadi rejeki ing sajroning lampah pagesanganipun. (3) Paedahipun tradhisi Gusaran tumraping warga panyengkuyung inggih menika (a) paedah ritual, (b) paedah sosial, (c) paedah ekonomi, saha (d) paedah pelestari tradhisi. A1 - Ulfah, Diah Yunia PB - Universitas Negeri Yogyakarta ER -