relation: http://eprints.uny.ac.id/24744/ title: UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN creator: Astuti, Dhyan Widhy subject: Budaya Jawa description: Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usul upacara Tradhisi Kirab Brata Metri Bumi, prosesi lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi, makna simbolik sajen ing salebeting upacara Kirab Brata Metri Bumi sarta paedahipun upacara Kirab Brata Metri Bumi tumprap warga Kaliurang saha sakiwatengenipun. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Asal-usul Upacara Kirab Brata Metri Bumi saking kaprihatosanipun warga kaliurang rikala kurdaning redi merapi taun 1994 ingkang ndadosaken wilayah kaliurang nandhang sungkawa. Adhedhasar kawontenan menika Paguyuban Pangesthi Jawi ngawontenaken Kirab Brata. Kirab Brata menika ngubengi Dusun Kaliurang, anggenipun mlampah kirab kanthi mendel. Saking Kirab menika nudhuhaken laku prihatosipun masyarakat kaliurang supados tlatah kaliurang pikantuk kawilujengan saha katentreman. (2) Prosesi lampahing upacara Kirab Brata Metri Bumi kaperang dados 4 prosesi : (a) kendhuri wilujengan, (b) kirab brata metri bumi, (c) kendhuri baritan, (d) ringgit purwa (3) Makna simbolik sajen ingkang dipunginakaken ing salebeting upacara Kirab Brata Metri Bumi menika kangge mahyakaken raos sukur kita dhateng ngersaning Gusti Ingkang Maha Agung awit kawilujengan, katentreman, kabagaswarasan sarta pinaringan gampil anggenipun ngupadi rejeki ing sajroning lampah pagesanganipun. (4) Paedahipun upacara Kirab Brata Metri Bumi tumpraping warga kaliurang saha sakiwatengenipun inggih menika (a) paedah spiritual, (b) paedah sosial, (c) paedah ekonomi saha (d) paedah pelestari tradhisi. date: 2014-01-21 type: Thesis type: NonPeerReviewed format: text language: en identifier: http://eprints.uny.ac.id/24744/1/Dhyan%20Widhy%20Astuti%2009205241053.pdf identifier: Astuti, Dhyan Widhy (2014) UPACARA TRADHISI KIRAB BRATA METRI BUMI WONTEN ING DHUSUN KALIURANG, DESA HARGOBINANGUN, KECAMATAN PAKEM, KABUPATEN SLEMAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.