TY - THES AV - public TI - UNSUR MISTIK MAGIS ING NOVEL DHAYOH BENGI SANGU MAESAN ANGGITANIPUN ESMIET PB - Universitas Negeri Yogyakarta A1 - Mustikasari, Wening Tyas KW - mistik magis KW - sosiologi sastra KW - deskriptif Y1 - 2014/07/10/ ID - UNY20012 UR - http://eprints.uny.ac.id/20012/ N2 - Panaliten menika gadhah setunggal ancas. Ancasipun inggih menika kangge ngandharaken menapa kemawon unsur mistik magis ingkang wonten ing novel Dhayoh Bengi Sangu Maesan anggitanipun Esmiet. Panaliten dipunlampahi supados para pamaos saged mangertos unsur mistik magis ingkang wonten ing novel kanthi maos panaliten menika. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumbering data ingkang dipunginakaken inggih menika novel Dhayoh Bengi Sangu Maesan anggitanipun Esmiet. Data saking panaliten menika arupi unsur mistik magis ingkang dipunkaji kanthi pendekatan sosiologi sastra. Caranipun ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Data dipunandharaken kanthi cara analisis deskriptif. Caranipun ngesahaken data menika kanthi migunakaken validitas saha reliabilitas. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik, dene reliabilitasipun inggih menika reliabilitas interrater saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten ngandharaken bilih unsur mistik magis ingkang kapanggihaken ing novel Dhayoh Bengi Sangu Maesan anggitanipun Esmiet antawisipun inggih menika : (1) unsur mistik magis arupi sesambetan kaliyan roh alus saking pangraosing indra, antawisipun inggih menika kanthi indra pendengaran, indra penglihatan, indra penciuman, saha indra peraba. (2) unsur mistik arupi sesambetan kaliyan roh alus saking panglantaring barang, antawisipun inggih menika panglantaring watu akik widuri lumut, panglantaring slimut, saha panglantaring manungsa. (3) unsur mistik magis arupi sikeping utawi tindak tanduking paraga, antawisipun inggih menika meditasi, njampeni tiyang sakit kanthi pengobatan alternative, saha migunakaken petangan Jawi. M1 - skripsi ER -