eprintid: 19994 rev_number: 11 eprint_status: archive userid: 1194 dir: disk0/00/01/99/94 datestamp: 2015-06-04 07:14:44 lastmod: 2020-10-02 08:00:48 status_changed: 2015-06-04 07:14:44 type: thesis metadata_visibility: show creators_name: Ahmad, Fandi title: ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION ispublished: pub subjects: bahasa_jawa divisions: fbs_pend_bahasa_jawa full_text_status: public keywords: Alih Kode, Campur Kode, Cakepan Tembang, Jogja Hip-hop Foundation (JHF) abstract: Panaliten gadhah ancas ngandharaken jinis alih kode saha campur kode wonten tembang hip-hop Jawi anggitanipun Jogja Hip-hop Foundation. Panaliten punika ugi ngandharaken faktor ingkang ndayani alih kode saha campur kode wonten tembang kasebat. Panaliten punika jinisipun kalebet panaliten deskriptif. Data arupi lisan dipunpendhet saking cakepan tembang hip-hop Jawi, 8 irah-irahan tembang. Data dipunkempalaken migunakaken metode simak, sarta migunakaken teknik lanjutan arupi catat. Validitas dipunpanggihaken saking validitas semantik ugi pengamatan kanthi tekun, saha realibilitas dipunpanggihaken saking konsultasi kaliyan ahli ingkang kompeten wonten bidangipun (expert judgement). Asiling panaliten jinis alih kode inggih punika; (1) alih kode intern saha (2) alih kode ekstern ingkang awujud ewahipun basa, kanthi umum migunakaken basa Jawi, Indonesia, saha Inggris. Jinis campur kode ingkang dipunpanggihaken inggih punika; (1) ke dalam (tembung, frasa, baster, kata ulang, & ungkapan), (2) ke luar (tembung & frasa), saha (3) campuran (tembung-baster & frasa-baster), Dene asiling panaliten babagan faktor ingkang ndayani alih kode inggih punika; (1) ancas ingkang dipunkajengaken; supados dipunmangertosi masyarakat wiyar/ manca & langkung gumyak, (2) langkung kepenak dipunmirengaken (gayutipun guru lagu) saha paring raos semangat, (3) gayutipun reff/ hook tembang, (4) gayutipun ukara wonten ngajengipun (translate Inggris-Jawi), (5) gayutipun basa-basi utawi ungkapan, saha (6) saweg sandiwara. Faktor ingkang ndayani campur kode inggih punika; (1) winatesipun tembung, (2) basa/ tembung gampil dipunemut-emut utawi langkung akrab saha gumyak, (3) kangge ningalaken kawruhipun panganggit, (4) gayutipun variasi basa cakepan tembang, (5) nepangaken basa/ budaya enggal, (6) ancas tartamtu (pisuhan), saha (7) saweg sandiwara. date: 2014-07-08 date_type: published institution: Universitas Negeri Yogyakarta department: Pendidikan Bahasa Jawa thesis_type: skripsi citation: Ahmad, Fandi (2014) ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE WONTEN ING TEMBANG HIP-HOP JAWI ANGGITANIPUN JOGJA HIP-HOP FOUNDATION. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta. document_url: http://eprints.uny.ac.id/19994/1/Fandi%20Ahmad%2010205241047.PDF