@phdthesis{UNY19991, author = {Erlinda Hapsari}, month = {July}, year = {2014}, title = {TETANDHINGAN FAKTA CERITA ANTAWISIPUN DONGENG DEWI MENUR SETA ANGGITANIPUN MAS HARDJAWIRAGA SAHA DONGENG KEONG EMAS ANGGITANIPUN TIRA IKRANEGARA}, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, url = {http://eprints.uny.ac.id/19991/}, keywords = {fakta cerita, Dongeng Dewi Menur Seta, Dongeng Keong Emas}, abstract = {Ancasing panaliten menika ngandharaken:(1) perangan plot ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas, (2) ngandharaken babagan panggaraping paraga ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas, (3) ngandharaken perangan latar ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas, (4) ngandharaken sesambetan antawisipun Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Panaliten menika minangka panaliten kualitatif tumrap sastra tetandhingan. Data ing panaliten inggih menika fakta cerita: plot, panggaraping paraga, saha latar saking Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Data kakempalaken ngginaken cara pembacaan terus menerus satemah saged pikantuk data ingkang akurat ingkang salajengipun dipunlebetaken ing kertu data saperlu dipunanalisis mawi etik. Cara ngesahaken data ngginakaken validitas semantis saha reliabilitas kanthi ketekunan pengamatan saha pencatatan. Panaliten menika manggihaken: (1) wonten perangan plot ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Perangan ingkang sami kapanggihaken ing sedaya urutan plot, inggih menika sedaning ibu kandung, sreining paraga antagonis, paraga protagonis nebihi kraton, paraga protagonis kepanggih kacilakan, saha ing pungkasaning cariyos, para paraga protagonis krama. Perangan ingkang beda inggih menika tumrap prastawa tartamtu ing saben urutaning plot, (2) wonten babagan panggaraping paraga ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Babagan panggaraping ingkang sami inggih menika watak-watak tartamtu tumrap kekalih paraga ingkang dipuntandhingaken, dene babagan panggaraping paraga ingkang beda inggih menika watak-watak tartamtu tumrap satunggaling paraga ingkang boten wonten ing paraga sanes, (3) wonten perangan latar ingkang sami saha beda ing Dongeng Dewi Menur Seta saha Dongeng Keong Emas. Perangan ingkang sami kapanggihaken ing dheskripsi latar papan saha latar wekdal, dene perangan ingkang beda kapanggihaken ing dheskripsi latar papan saha latar sosial, (4) Sesambetan antawisipun dongeng inggih menika perangan fakta cerita ingkang sami tumrap kekalih dongeng saged kasababaken dening poligenesis.} }