@phdthesis{UNY18445, title = {TEMBUNG KAHANAN POLIMORFEMIS WONTEN ING NOVEL KRIKIL-KRIKIL PASISIR ANGGITANIPUN TAMSIR AS}, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, author = {Zamsi Indriarwati}, month = {October}, year = {2014}, url = {http://eprints.uny.ac.id/18445/}, keywords = {tembung kahanan, polimorfemis, novel}, abstract = {Panaliten menika gadhah ancas kangge ngrembag babagan tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS. Panaliten menika ngandharaken cara pandhapuking, jinis, saha tegesipun tembung kahanan polimorfemis wonten ing novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung kahanan polimorfemis. Sumber datanipun inggih menika novel Krikil-krikil Pasisir anggitanipun Tamsir AS. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara maos saha nyerat. Data ingkang sampun kapanggihaken dipunanalisis lajeng dipunandharaken mawi teknik deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori, validitas intrarater, saha validitas interrater. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Cara pandhapuking tembung kahanan polimorfemis ingkang kapanggihaken inggih menika tembung kahanan mawi wuwuhan, rangkep, camboran, saha kombinasi. Tembung kahanan mawi wuwuhan ingkang kapanggihaken inggih menika mawi ater-ater \{N-\} alomorf \{ny-\}, \{m-\}, \{ng-\}, \{n-\}, seselan \{-um-\}, panambang \{-an\}, saha wuwuhan sesarengan \{ke-/-en\}, \{N- /-i\}, \{ka-/-an\}. Tembung kahanan rangkep ingkang kapanggihaken inggih menika tembung kahanan dwilingga saha dwilingga salin swara. Tembung kahanan camboran ingkang kapanggihaken inggih menika tembung kahanan asal kaliyan asal saha asal kaliya unik. Jinisipun tembung kahanan polimorfemis ingkang kapanggihaken inggih menika jinis wujud, ukuran, warni, raos, saha mental. Tegesipun tembung kahanan polimorfemis ingkang kapanggihaken inggih menika ?wonten ing kawontenan ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?gadhah solah tingkah, patrap, utawi tumindak kados ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?asipat kados ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?menapa ingkang dipunsebutaken ing lingganipun asipat kekathahen?, ?ndayani ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?asipat langkung ingkang gadhah gegayutan kaliyan ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?kathah-kathahipun ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?temenanan kados ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?boten pareng langkung saking ingkang dipunandharaken ing lingganipun miturut ukuran ingkang ngendika?, ?wongsal-wangsul (boten ajeg) nglampahi kados ingkang dipunsebutaken ing lingganipun?, ?gadhah gegayutan kaliyan-unsur-unsuripun?, ?boten gadhah gegayutan kaliyan unsur-unsuripun?.} }