TY - THES ID - UNY18218 KW - ritual jamasan KW - piranti KW - PSJHPD Y1 - 2014/07/21/ A1 - Wibowo, Nur Afif TI - RITUAL JAMASAN WONTEN ING PAGUYUBAN PENGHAYAT KEPERCAYAAN TERHADAP TUHAN YANG MAHA ESA SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU PB - Universitas Negeri Yogyakarta AV - public M1 - skripsi N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) lampahing prosesi Ritual Jamasan wonten ing Paguyuban Penghayat Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu, (2) ngandharaken makna simbolik piranti jamasan, (3) ngandharaken paedah saking upacara Ritual Jamasan. Panaliten menika kalebet jinis panaliten kualitatif. Cara ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika kanthi migunakaken pengamatan berperan serta, wawancara mendalam saha dokumentasi. Piranti ingkang kaginakaken kangge ngempalaken data inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu migunakaken piranti kamera, hand phone, buku cathetan, lan laptop. Data dipunanalisis kanthi cara analisis induktif. Data dipunsahaken kanthi cara triangulasi data. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) lampahing prosesi ritual dipunwiwiti saking cecawis piranti saha papan ingkang badhe dipunginakaken kangge Ritual Jamasan, salajengipun prosesi Ritual Jamasan dipuntindakaken lan dipunpungkasi kanthi meditasi, (2) piranti-piranti ingkang dipunginakaken wonten ing Ritual Jamasan menika nggadhahi simbol-simbol tartamtu ingkang gayut kaliyan pagesangan manungsa lan mujudaken panyuwuwunan saking tiyang ingkang nindakaken Ritual Jamasan menika, mliginipun tumrap warga Paguyuban Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu menapa dene masyarakat sanesipun, (3) ritual jamsan wonten ing Paguyuban Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwating Diyu menika gadhah paedah tumrap warga paguyuban menapa dene masyarakat sanesipun ingkang arupi paedah spiritual, paedah sosial, saha paedah nguri-uri tradhisi. UR - http://eprints.uny.ac.id/18218/ ER -