%L UNY18215 %A Miftah Musyiroh Mahmudah %K pelafalan fonem %X Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken pelafalan fonem basa Jawi baku ingkang lepat dening mahasiswa Prodi Pendhidhikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Bab punika ngrembag mapanipun kalepatan fonem basa Jawi baku saha perkawis ingkang ndayani kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku dening mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Subjek panaliten inggih punika mahasiswa Prodi Pendhidhikan Basa Jawi angkatan 2010, FBS, UNY saking Purbalinga cacahipun gangsal mahasiswa. Wujudipun data inggih punika kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku dening mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga. Cara ngempalaken data ngginakaken teknik simak, sadhap, ngrekam, saha wawanpirembagan wonten ing kampus, perpustakaan, saha kos. Validitas data ngginakaken triangulasi teori, dene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas sumber. Asiling panaliten nedahaken bilih mahasiswa Prodi Pendidikan Basa Jawi angkatan 2010 FBS, UNY saking Purbalingga taksih ngalami kalepatan pelafalan fonem basa Jawi baku. Kalepatanipun arupi kalepatan pelafalan fonem, tambahing fonem, saha sudaning fonem. Kalepatan pelafalan fonem vokal wujudipun fonem /a/, /ɔ/, /i/, /u/, saha /o/. Mapanipun ing wanda menga, madyaning tembung, saha wanda sigeg. Kalepatan pelafalan fonem konsonan wujudipun fonem /d/, /g/, /k/, saha /ṭ/. Mapanipun ing wiwitaning tembung kaliyan pungkasaning tembung. Kalepatan pelafalan fonem semi-vokal wujudipun fonem /w/ kaliyan /y/. Mapanipun ing wiwitaning wanda kaping kalih kaliyan madyaning tembung. Kalepatan tambahing fonem vokal wujudipun fonem /a/ ingkang mapan ing wanda menga. Kalepatan tambahing fonem konsonan wujudipun fonem /h/, /n/, saha /p/ ingkang mapan ing wiwitaning tembung kaliyan pungkasaning tembung. Kalepatan tambahing glottal stop ingkang mapan ing pungkasaning fonem /a/, /ɔ/, /i/, saha /e/. Kalepatan sudaning fonem /a/ ingkang mapan ing pungkasaning wanda kapisan. Kalepatan sudaning fonem konsonan wujudipun fonem /k/ saha /n/ mapanipun ing wanda sigeg kaliyan wiwitaning tembung. Saking asiling wawanpirembagan, perkawis ingkang ndayani kalepatan inggih punika kirangipun nguwaosi fonem basa Jawi baku, taksih kadayan saking dialek Banyumasan, kirang praktek, saha pakulinan. %I Universitas Negeri Yogyakarta %D 2014 %T KALEPATAN PELAFALAN FONEM BASA JAWI BAKU DENING MAHASISWA PRODI PENDHIDHIKAN BASA JAWI ANGKATAN 2010 FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA SAKING PURBALINGGA