eprintid: 18211 rev_number: 8 eprint_status: archive userid: 1194 dir: disk0/00/01/82/11 datestamp: 2015-05-06 03:03:54 lastmod: 2019-01-29 22:05:28 status_changed: 2015-05-06 03:03:54 type: thesis metadata_visibility: show creators_name: Lestari, Dwi title: SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 ispublished: pub subjects: E2 divisions: fbs_pend_bahasa_jawa full_text_status: public keywords: sinestesia, cerbung, djaka lodang abstract: Panaliten menika dipuntindakaken kanthi ancas inggih menika (1) kangge ngandharaken jinis sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012; (2) kangge ngandharaken makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012; (3) kangge ngandharaken ginanipun sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Sumber data ing panaliten menika inggih menika cerbung ing kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012, cerbung ingkang dipunginakken menika wonten 2 irah – irahan inggih menika Kidung Sukma Larasing Jiwa saha Pak Guru. Data ing panaliten inggih menika frasa, klausa saha ukara – ukara ingkang ngalami ewah – ewahan teges amargi wontenipun pertukaran tanggapan indera ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. Teknik anggenipun ngempalaken data inggih menika kanthi cara maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika tabel analisis data ingkang dipunbiyantu ngginakaken kertu data. Wondene caranipun nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Cara ngesahaken data dipunpikantuk mawi validitas semantik kontekstual saha reliabilitas stabilitas. Panaliten ngasilaken jinis – jinis sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012 ingkang antawisipun inggih menika: (1) sinestesia saking indera panggrayang dados indera pangrungu, (2) sinestesia saking indera panggrayang dados indera pandulu, (3) sinestesia saking indera pangraos dados indera pandulu, (4) sinestesia saking indera pangraos dados indera pangrungu, (5) sinestesia saking indera pangganda dados indera pangrungu, (6) sinestesia saking indera pandulu dados indera pangrungu, (7) sinestesia saking indera pangrungu dados indera pandulu, (8) sinestesia saking indera pangrungu dados indera panggrayang. Makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012 inggih menika: (1) makna afektif, (2) makna referensial, saha (3) makna kolokatif. Ginanipun sinestesia ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012 antawisipun inggih menika: 1) ngalusaken teges supados langkung sopan, (2) kangge nedahaken raos duka, (3) kangge nedahaken raos remen, (4) kangge nedahaken raos boten remen, (5) kangge maringi gambaran, saha (6) kangge nyangetaken teges. date: 2014-07-21 date_type: published institution: Universitas Negeri Yogyakarta department: Pendidikan Bahasa Jawa thesis_type: skripsi citation: Lestari, Dwi (2014) SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta. document_url: http://eprints.uny.ac.id/18211/1/Dwi%20Lestari%2010205244049.pdf