<> "The repository administrator has not yet configured an RDF license."^^ . <> . . . "SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012"^^ . "Panaliten menika dipuntindakaken kanthi ancas inggih menika (1) kangge ngandharaken jinis sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012; (2) kangge ngandharaken makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012; (3) kangge ngandharaken ginanipun sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. \r\nPanaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Sumber data ing panaliten menika inggih menika cerbung ing kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012, cerbung ingkang dipunginakken menika wonten 2 irah – irahan inggih menika Kidung Sukma Larasing Jiwa saha Pak Guru. Data ing panaliten inggih menika frasa, klausa saha ukara – ukara ingkang ngalami ewah – ewahan teges amargi wontenipun pertukaran tanggapan indera ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012. Teknik anggenipun ngempalaken data inggih menika kanthi cara maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika tabel analisis data ingkang dipunbiyantu ngginakaken kertu data. Wondene caranipun nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Cara ngesahaken data dipunpikantuk mawi validitas semantik kontekstual saha reliabilitas stabilitas. \r\nPanaliten ngasilaken jinis – jinis sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012 ingkang antawisipun inggih menika: (1) sinestesia saking indera panggrayang dados indera pangrungu, (2) sinestesia saking indera panggrayang dados indera pandulu, (3) sinestesia saking indera pangraos dados indera pandulu, (4) sinestesia saking indera pangraos dados indera pangrungu, (5) sinestesia saking indera pangganda dados indera pangrungu, (6) sinestesia saking indera pandulu dados indera pangrungu, (7) sinestesia saking indera pangrungu dados indera pandulu, (8) sinestesia saking indera pangrungu dados indera panggrayang. Makna sinestesia ingkang wonten ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012 inggih menika: (1) makna afektif, (2) makna referensial, saha (3) makna kolokatif. Ginanipun sinestesia ing cerbung kalawarti Djaka Lodhang warsa 2012 antawisipun inggih menika: 1) ngalusaken teges supados langkung sopan, (2) kangge nedahaken raos duka, (3) kangge nedahaken raos remen, (4) kangge nedahaken raos boten remen, (5) kangge maringi gambaran, saha (6) kangge nyangetaken teges."^^ . "2014-07-21" . . . "Universitas Negeri Yogyakarta"^^ . . . "Pendidikan Bahasa Jawa, Universitas Negeri Yogyakarta"^^ . . . . . . . . . "Dwi"^^ . "Lestari"^^ . "Dwi Lestari"^^ . . . . . . "SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 (Text)"^^ . . . "Dwi Lestari 10205244049.pdf"^^ . . . "SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 (Other)"^^ . . . . . . "indexcodes.txt"^^ . . . "SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 (Other)"^^ . . . . . . "lightbox.jpg"^^ . . . "SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 (Other)"^^ . . . . . . "preview.jpg"^^ . . . "SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 (Other)"^^ . . . . . . "medium.jpg"^^ . . . "SINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012 (Other)"^^ . . . . . . "small.jpg"^^ . . "HTML Summary of #18211 \n\nSINESTESIA BASA JAWI ING CERBUNG KALAWARTI DJAKA LODHANG WARSA 2012\n\n" . "text/html" . . . "Bahasa Jawa"@en . .