%D 2014 %T ALIH KODE SAHA CAMPUR KODE INGKANG DIPUNGINAKAKEN WONTEN FILM JAGAD X CODE %I Universitas Negeri Yogyakarta %A Diah Ayu Prameswari %K alih kode, campur kode, jagad x code %X Ancasing panaliten menika kangge medhar jinising alih kode saha campur kode ingkang dipunginakaken wonten film Jagad X Code. Panaliten menika ugi medhar faktor ingkang ndayani anggenipun kadadosan prastawa alih kode saha campur kode. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Fokusipun inggih menika alih kode saha campur kode ingkang dipunginakaken wonten film Jagad X Code sarta faktor ingkang ndayani bab prastawa kekalih menika. Anggenipun mendhet data menika ngginakaken teknik SBLC (Simak Bebas Libat Cakap). Caranipun nganalisis data inggih menika ngginakaken teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika kanthi ngginakaken validitas triangulasi teori tegesipun nggayutaken data kaliyan teori ingkang dipunginakaken minangka dhasar. Reliabilitas ingkang dipuntindakaken kanthi reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika kapanggihaken jinising alih kode Intern saha Ekstern. Alih kode Intern inggih menika alih kode antar basa kaliyan alih kode tingkat tutur. Faktor ingkang ndayani anggenipun kadadosan prastawa alih kode Intern inggih menika wonten pangaribawa saking tuturan ingkang saderengipun, panutur badhe ngandharaken raos tartamtu, gantosipun topik nalika wicantenan, ngandharaken satunggaling perkawis, nyuwun satunggaling perkawis dhumateng mitra tutur, panutur boten saged ngginakaken kode kanthi ajeg saha panutur badhe ngginakaken kode ingkang ringkes. Faktor ingkang ndayani anggenipun kadadosan alih kode Ekstern inggih menika panutur badhe ngandharaken bilih pendidikanipun inggil saha panutur menika boten saged ngginakaken kode kanthi ajeg. Jinising campur kode wonten film Jagad X Code inggih menika campur kode ke dalam kaliyan sampur kode ke luar. Campur kode ke dalam ing antawisipun ingkang arupi tembung, frasa, baster kaliyan tembung dwilingga. Campur kode ke luar inggih menika arupi tembung, frasa, baster, kaliyan ungkapan (Idiom). Faktor ingkang ndayani anggenipun kadadosan campur kode ke dalam inggih menika panutur badhe ngginakaken kode ingkang ringkes, panutur badhe ngandharaken raos duka lajeng ngina. Faktor ingkang ndayani campur kode ke luar inggih menika pakulinanipun panutur, menggaya, supados katingal tiyang modern saha ngambali malih tetembungan tiyang sanes. %L UNY18210