%0 Thesis %9 S1 %A Wulandari, Fitria %B Pendidikan Bahasa Jawa %D 2014 %F UNY:18208 %I Universitas Negeri Yogyakarta %K Novel Lintang Panjer Rina, Psikologi Sastra, Paragatama %T ANALISIS WATAK PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL LINTANG PANJER RINA ANGGITANIPUN DANIEL TITO (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA) Dening Fitria Wulandari %U http://eprints.uny.ac.id/18208/ %X Ancasing panaliten menika ngrembag babagan perwatakan saha konflik psikis paragatama ingkang wonten ing novel Lintang Panjer Rina anggitanipun Daniel Tito. Panaliten menika ngandharaken perwatakan paragatama saha wujud konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paragatama Harjito wonten ing novel Lintang Panjer Rina anggitanipun Daniel Tito. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif ingkang migunakaken pendekatan psikologi sastra. Dhata panaliten menika awujud tembung, ukara, paragraf sarta pawicantenan ingkang wonten gayutanipun kaliyan perwatakan saha konflik psikis. Sumbering dhata panaliten inggih menika novel Lintang Panjer Rina anggitanipun Daniel Tito. Dhata dipunpanggihaken mawi teknik maos saha nyathet. Caranipun nganalisis dhata inggih menika teknik deskriptif, kalampahan kanthi cara: (1) kategorisasi, (2) tabulasi, (3) menginterpretasikan data, saha (4) inferensi. Panaliten menika migunakaken validitas semantik, inggih menika kanthi njumbuhaken dhata kaliyan konteks ukaranipun. Panaliten menika migunakaken reliabilitas intrarater saha interrater. Asiling panaliten inggih menika perwatakan psikis ingkang dipungadhahi dening paragatama Harjito wonten ing novel Lintang Panjer Rina anggitanipun Daniel Tito inggih menika gengsi, jujur, gatekan, boten grusa-grusu, prigel, sabar, nekad, nriman, gampil pitados, tatag, gampil sedhih, gampil nyerah, nyimpen wadinipun piyambak, gadhah tekad ingkang kiyat, kedlereng, kaku manahipun, tegel saha wangkot. Sinaosa paragatama Harjito gadhah watak tatag, ananging amargi setunggal kalih prastawa adamel Harjito gadhah watak gampil pitados, gampil sedhih saha gampil nyerah. Konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paragatama Harjito wonten ing novel Lintang Panjer Rina anggitanipun Daniel Tito inggih menika cuwa, isin, kaget, bingung, ajrih, kagol manahipun, ngraos dipuncidrani, sumedhot, sedhih, sumelang, kemutan marang Winarsih, getun, taksih ngraos tresna marang Winarsih saha goreh.