eprintid: 18206 rev_number: 9 eprint_status: archive userid: 1194 dir: disk0/00/01/82/06 datestamp: 2015-05-06 02:53:13 lastmod: 2019-01-29 22:05:15 status_changed: 2015-05-06 02:53:13 type: thesis metadata_visibility: show creators_name: Rucitra, Dayinta Natya title: KAJIAN FILOLOGI SÊRAT NGÈLMI PANGASIHAN ispublished: pub subjects: E2 divisions: fbs_pend_bahasa_jawa full_text_status: public keywords: Kajian Filologi, isi piwulang sih, Sêrat Ngèlmi Pangasiha abstract: Panalitѐnmênikångêwratgangsalancaspanalitèn.Ancasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakênasiling inventarisasi naskahSêrat Ngèlmi Pangasihan, (2) ngandharakên deskripsi naskahSêrat Ngèlmi Pangasihan, (3) ndamêl transliterasi såhå suntingan teksSêrat Ngèlmi Pangasihan, (4) ndamêl terjemahan teksSêrat Ngèlmi Pangasihansartå (5) ngandharakên isining piwulang sih Sêrat Ngèlmi Pangasihan. Panalitèn mênikå ngginakakên metodepanalitèn filologisåhåmetode panalitèn deskriptif. Metodepanalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggarap teksSêrat Ngèlmi Pangasihan ingkang kasêrat mawi aksåråJåwå cithak.Wondénémetode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên teksSêrat Ngèlmi Pangasihankanthi objektif. Sumber data panalitèn mênikånaskahSêrat Ngèlmi Pangasihankoleksi Museum Kirti Griya Dewantara, Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên lampahing panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah,deskripsinaskah, transliterasi, suntingan, terjemahan teks, såhå analisis isining teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intrarater såhå interrater. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab, sapisaninggihmênikåkapanggihakên kalih eksemplar naskah Sêrat Ngèlmi Pangasihan, ingkang kasimpên ing Museum Kirti Griya Dewantara Yogyakarta. Kapingkalih, deskripsinaskahSêrat Ngèlmi Pangasihan taksih saé såhå wêtah, sêratanipun cêthå dipunwaos.Katigå, transliterasiteksSêrat Ngèlmi Pangasihan dipungarap kanthi ngginakakêntransliterasidiplomatikinggihmênikåcårå anggènipun ndamêl alih tulis sêrataning teks ingkang kasêrat mênåpåwontênipun kados déné sêrataning teks-ipun kanthi aksåråingkang bédå.Sakawan, suntingan teks ngginakakên metode suntingan kritis, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik.Gangsal,terjemahan teks dipungarap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahankasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Wondéné têmbung-têmbung ingkang angêl dipunalih-basakakênsalajêngipun kaandharakên wontên cathêtan terjemahan. Ênêm, isining piwulang sih teksSêrat Ngèlmi Pangasihan.Isining piwulang sihwontên 14, inggih mênikå (1) sihing rêjêki, (2) sihing bojo, (3) sihing tiyang sêpuh, (4) sihing anak(5) sihing sanak sadhèrèk (6) sihing tånggå têpalih, (7) sihing kåncå, (8) sihing mitrå, (9) sihing bêndårå, (10) sihing réncang, (11) sihing guru, (12) sihing murid, (13) sihing satru, sartå (14) sihing sato kéwan. date: 2014-07-15 date_type: published institution: Universitas Negeri Yogyakarta department: Pendidikan Bahasa Jawa thesis_type: skripsi citation: Rucitra, Dayinta Natya (2014) KAJIAN FILOLOGI SÊRAT NGÈLMI PANGASIHAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta. document_url: http://eprints.uny.ac.id/18206/1/Dayinta%20Natya%20Rucitra%2010205241004.PDF