relation: http://eprints.uny.ac.id/18131/ title: RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN creator: Devi, Andri Krisma subject: Budaya Jawa description: Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharakenmula bukanipun beksa angguk, prosesi, lampahipun beksa angguk, makna simbolik sesajen ing salebeting tari angguk sarta paedahipun Ritual ing salebeting beksa angguk tumrap warga panyengkuyung. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten menika panaliti piyampak ingkang kabiyantu mawi piranti kamera, foto, perekam saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ngginakaken teknik analisis induktif. Aranipun ngesahaken data mawi triangulasi sumber saha metode. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) mula bukanipun beksa Angguk saking kadiraja lajeng turun temurun dumugi samenika. (2) prosesi ingkang dipunlamapahi saderengipun beksa angguk kaperang dados 4 rerangken: (a)Kempalan, (b) Latihan, (c) Cecawis sajen, (d) Cecawis Piranti. (3) Lampahipun beksa Angguk, sabibaripun beksa angguk ngawontenaken evaluasi. (3) Makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken wonten Ritual ing salebeting tari angguk minangka raos sukur kita dhumateng Gusti saha nyuwun keslametan, kawilujengan, saha gampil anggenipun ngupadi rejeki ing pagesangan. (4) Paedah Ritual ing salebeting tari angguk tumraping warga panyengkuyung inggih mneika (a) paedah spiritual, (b) paedah sosial, (c) paedah ekonomi, (d) paedah ngelstantunaken budaya. date: 2014-08-28 type: Thesis type: NonPeerReviewed format: text language: en identifier: http://eprints.uny.ac.id/18131/1/Andri%20Krisma%20Devi%2009205241005.pdf identifier: Devi, Andri Krisma (2014) RITUAL ING SALEBETING TARI ANGGUK DHUSUN KEMIRI DESA PURWOBINANGUN KECAMATAN PAKEM KABUPATEN SLEMAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.