@phdthesis{UNY18115, school = {Universitas Negeri Yogyakarta}, year = {2014}, month = {September}, title = {KAPRIBADEN PARAGA WANODYA WONTEN ING CERITA SAMBUNG LINTANG-LINTANG DADI SEKSI ANGGITANIPUN SAWITRI INGKANG KAPACAK ING KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALAN 18 MEI 2013 ? 31 AGUSTUS 2013}, author = {Rista Sapta Perwitasari}, keywords = {kapribaden, Lintang-Lintang Dadi Seksi, ketidaksetaraan gender}, abstract = {Ancasing panaliten menika kangge ngrembag babagan kapribaden paraga wanodya, kalenggahan paraga Wanodya saha wujud ketidaksetaraan gender wonten ing cerbung Lintang-Lintang Dadi Seksi anggitanipun Sawitri. Panaliten menika ngandharaken kapribaden paraga wanodya, kalenggahan paraga wanodya katandhingaken kaliyan paraga priya, saha wujud ketidaksetaraan gender dipunlampahi dening paraga wanodya wonten ing cerbung Lintang-Lintang Dadi Seksi anggitanipun Sawitri. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif ingkang migunakaken pendekatan feminisme sastra. Data saking panaliten menika awujud tembung saha ukara wonten ing paragraf, sarta pawicantenan ingkang wonten gayutanipun kaliyan kapribaden, kalenggahan saha ketidaksetaraan gender. Sumber datanipun inggih menika cerbung Lintang-Lintang Dadi Seksi anggitanipun Sawitri. Data dipunpanggihaken kanthi teknik maos saha nyerat. Caranipun nganalisis data migunakaken teknik analisis data kritik sastra feminis. Panaliten menika migunakaken validitas semantik, inggih menika nafsiraken data. Salajengipun migunakaken reliabilitas intrarer saha interrater. Kapribaden paraga wanodya wonten ing cerbung Lintang-Lintang Dadi Seksi anggitanipun Sawitri menika dipunpangaribawin dening struktur kapribaden id, ego, super ego. Paraga Sumilah kapribadenipun dipunkuwaosi dening ego dalah paraga R. Ngt. Kusumingsih, Sarwi, saha Nety kapribadenipun dipunkuwaosi dening id. Kalenggahan paraga wanodya menawi katandhingaken kaliyan paraga priya wonten ing cerbung Lintang-Lintang Dadi Seksi anggitanipun Sawitri kaperang dados tiga, inggih menika: mendominasi, didominasi, saha sajajar. Wujud ketidaksetaraan gender ingkang dipunlampahi dening paraga wanodya wonten ing cerbung Lintang-Lintang Dadi Seksi anggitanipun Sawitri menika wonten sekawan, inggih menika: marginalisasi utawi upaya kangge damel miskin, stereotype, violence utawi tumindak kasar, saha burden utawi beban pedamelan ingkang matikel-tikel.}, url = {http://eprints.uny.ac.id/18115/} }