TY - THES ID - UNY18110 UR - http://eprints.uny.ac.id/18110/ AV - public M1 - skripsi A1 - Anisa, Lisa Dewi Nurul TI - KESENIAN BADUI WONTEN ING DHUSUN KLAWISAN, DESA MARGOAGUNG, KECAMATAN SEYEGAN, KABUPATEN SLEMAN N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman, mliginipun mula bukanipun kesenian Badui, lampahing pentas kesenian Badui, sarta paedahipun kesenian Badui. Panaliten menika ngginakaken metode kualitatif naturalistik. Sumber data ing panaliten inggih menika Kesenian Badui ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman. Informan ing panaliten inggih menika pendiri paguyuban, pejengklek, pambawa, penabuh, saha anggota paguyuban kesenian Badui. Data dipunkempalaken mawi cara observasi berpartisipasi, wawancara mendalam, saha dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti kamera digital, recorder, lan piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data menika mawi cara induktif. Caranipun ngesahaken data mawi cara triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) mula bukanipun kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan dipunrintis dening Bapak Boidi ingkang dipunsengkuyung kaliyan masarakat amargi kangge ngawontenaken kagiyatan wonten ing masjid Baiturrohman ingkang frekuensi jamaahipun mandhap, (2) lampahing pentas kesenian Badui kaperang dados kalih rerangken, inggih menika (a) cecawis angliputi latihan kaliyan nata piranti saha perlengkapan, (b) pelaksanaan angliputi atur pambagyaharja saha pentasipun kesenian Badui, (3) paedahing kesenian Badui kangge masarakat inggih menika (a) paedah religius, (b) paedah nglestantunaken tradhisi, (c) paedah hiburan, (d) paedah sosial, (e) paedah ekonomi, saha (f) paedah kesehatan. Y1 - 2014/08/22/ PB - Universitas Negeri Yogyakarta KW - kesenian badui ER -