%D 2015 %I Universitas Negeri Yogyakarta %T TRADHISI ZIARAH PESAREYAN MBAH KALIBENING WONTEN ING DHUSUN KALIBENING DESA DAWUHAN KECAMATAN BANYUMAS KABUPATEN BANYUMAS %L UNY16726 %X Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukaning kawontenanipun tradhisi, prosesi lampahing tradhisi, makna simbolik sesaji ing salebeting tradhisi, paedahipun tradhisi tumrap warga panyengkuyung saha wujud akulturasi ing sajroning tradhisi ziarah pesareyanipun Mbak Kalibening menika. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika ngginakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber saha metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) mula bukaning tradhisi inggih menika masarakat nalurekaken menapa ingkang dadaos kapitadosan masarakat, masarakat panyengkuyung tradhisi nerasaken warisan saking leluhuripun amargi Mbah Kalibening dipunpitados dados priyantun sholeh panyebar agami Islam ing tlatah Banyumas ingkang dados Waliyulloh; (2) prosesi lampahipun tradhisi kaperang dados kalih perangan: (a) tanpa sesaji utawi ngginakaken sesaji nalika nindakaken ziarah. Tumrap ingkang ngginakaken sesaji, sesaji ingkang dipuncawisaken dening peziarah kaperang dados tigang perangan inggih menika sesaji setunggal, sesaji kalih saha sesaji tiga, saha (b) lampahipun tradhisi ingkang kapanggihaken dados gangsal werni inggih menika ziarah setunggal, ziarah kalih, ziarah tiga, ziarah sekawan saha ziarah gangsal; (3) makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken ing salebeting tradhisi inggih menika kangge mahyakaken raos sukur kita dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos saha sarana ngalap berkah supados masarakat panyengkuyung tansah pinaringan kawilujengan, ketentreman, keberkahan sarta pinaringan gampil anggenipun ngupadi rejeki ing sajroning lampah pagesanganipun; (4) paedahipun tradhisi tumraping warga panyengkuyung inggih menika: (a) paedah spiritual, (b) paedah ekonomi, (c) paedah sosial, saha (d) paedah pelestari tradhisi; (5) wujud akulturasi budaya wonten ing tradhisi ziarah ing pesareyanipun Mbah Kalibening inggih menika: (a) akulturasi donga; (b) akulturasi sesaji; saha (c) alulturasi kapitadosan. %A Miftahul Khoeriyah %K tradhisi ziarah, pasareyan mbah kalibening