TY - THES UR - http://eprints.uny.ac.id/15918/ N2 - Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun upacara tradisi merti bumi Tunggul Arum, tatacara, makna simbolik sesaji wonten ing upacara tradisi merti bumi saha ngandharaken paedahipun upacara merti bumi Tunggul Arum kangge masyarakat. Panaliten menika migunakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Caranipun ngempalaken data wonten ing saklebetipun panaliten menika migunakaken wawancara mendalam, observasi saha dokumentasi. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi kamera foto, handycam, voice recorder, saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data menika ngginakaken triangulasi sumber, saha triangulasi metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) mula bukanipun upacara tradhisi merti bumi menika dipunwiwiti nalika taun 1961 saben wulan sapar. Sakderengipun taun 1961 menika nama dhusunipun taksih Tunggul Wulung,ingkang dunungipun wonten ing sisih kilen lepen Bedhog, ananging wiwit taun 1961 dhusunipin dipunpidhah wonten ing sisih wetan lepen Bedhog, amargi menawi redi merapi menika erupsi, dhusuniupun boten wonten jalur evakuasi kangge warga, wiwit saking menika, namanipun dados dhusun Tunggul Arum. (2) lampahan upacara tradhisi merti bumi menika kaperang dados tigang tahap, inggih menika: (a) gotong royong bersih dhusun (b) pengaosan khoul Kyai Wulung arum. (c) kirab merti bumi Tunggul Arum. (3) makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken ing saklebetipun upacara tradhisi Merti Bumi menika minangka raos sukur ing Ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos awit sampun paring kanugrahan dhumateng warga masyarakat. Sesaji ingkang dipundamel menika ugi kangge sarana ngemutaken dhateng leluhur utawi cikal bakalipun dhusun inggih menika Kyai Wulung Arum. (4) Paedahipun upacara Merti bumi tumraping warga masyarakat inggih menika (a) paedah ing bidang kabudayan, (b) paedah sosial, (c) paedah ekonomi, saha (d) paedah pariwisata. M1 - skripsi AV - public A1 - Amalia, Ana Muslimati TI - UPACARA TRADHISI MERTI BUMI TUNGGUL ARUM ING DHUSUN TUNGGUL ARUM DESA WONOKERTO KECAMATAN TURI KABUPATEN SLEMAN (KAJIAN FOLKLOR, TATACARA, MAKNA SIMBOLIK SAHA PAEDAH) PB - Universitas Negeri Yogyakarta KW - Merti Bumi KW - Folklor KW - Makna Simbolik KW - Tradhisi ID - UNY15918 Y1 - 2015/02/25/ ER -